Dening: Eni Siti Nurhayati
Putri Indonesia harum namanya
Ibu kita Kartini, pendekar bangsa
Pendekar kaumnya untuk merdeka
Swara ambata rubuh nyanyekake lagu Ibu Kita Kartini ngebaki aula SD-ku. Engga ra krasa sikil lan tanganku obah-obah dhewe ngetutake irama lagune. Ya, dina iki tanggal 21 April, dina pengetan wiyosane Ibu Kartini.
Hayooo, sapa sing durung ngerti marang Hari Kartini? Hmmm, gak ana sing ngacung. Wis ngerti kabeh? Wah, hebat lan keren kabeh kok bocah Indonesia!
Ngendikane Bu Umi, wali kelasku, bocah-bocah kudu tansah ngelingi jasa-jasane para pahlawan kanthi mengeti dina-dina nasional sing wis ditetepake pemerintah. Salah sijine ya Hari Kartini iki.
Ah, senenge atiku saben pengetan Hari Kartini tumeka. Kawit tanggal siji April, aku sakanca wis umyeg nyepak- nyepakake apa ae sing arep digawe wayah tanggal selikur teka. Paling ora, pas dina dheng-e nyilih kebayake sapa? Hehehe...
Tiba dinane pengetan Hari Kartini, aku wis siyap grak kawit jam lima isuk. Mbakyu lan ibuku ibut macaki aku. Gak aku thok, ana kancaku uga sing melok didandani neng omah. Siji, loro, telu, papat, lima. Sssttt, mbakyuku rak melok ekstra tata rias ing sekolahane, mulakna dheweke pinter ngrias kaya ibuku.
Brai praenan wis mungkur, sakbanjure sirahku dipasangi sanggul cilik. Ihhhh, piye ngunu! Seneng ning rada isin-isin uga! Sakbanjure aku nggawe rok maksi lan kebayak werna putih susu lan dipasangi slendhang werna soklat enom. Klop wis karo sandhal jinjit werna putih susu.
Sakwise mari macak kabeh, aku sakanca dhampyak-dhampyak mlaku bebarengan tumuju sekolahan. Kok mlaku? Sekolahanku cedhek, kok. Ketok saka omahku!
Biyuh, biyuh, nalika aku sakanca mlaku thimik-thimik, tangga sak gang padha nyawang kanthi polatan seneng. Aku lan kanca-kanca uga seneng! Kiplik-kiplik... mlakune kaya peragawati ing tipi. Hihihi...
Satekane ing sekolahan, barisane Kartini cilik didhewekna barise, gak kaya biyasane sing campur kanca sakkelas. Jejer ngarep dhewe wiwit kelas siji ngan- tek kelas enem. Terus kanca-kanca la- nangku piye? Pengetan iki kabeh macak busana nasional. Rame lan agreng banget swasanane!
Aku malih kelingan nalika dadi putri ayu ngamping mantenane mbakyuku. Macak ayu persis kaya dina iki, malah wektu iku nggawa kipas gedhe barang.
Coba delengen kanca, klambi Kartini- ku sing werna kopi susu iki ginawe saka turahane kain brokate mbakku. Ngi- sorane, nggawe maksi sragam riyaya wingi. Hla sepatune? Nyilih nang mi- sananku sing gedhene padha. Sanggule? Sanggul warisan saka mbakyu-mbak- yuku. Turun temurun critane. Murmer. Murah meriah!
***
"Bocah-bocah, dina iki kita mengeti dina Kartini. Sapa Kartini iku? Piyam- bake, Raden Ajeng Kartini, sing miyos tanggal 21 April taun 1879, kawentar kadidene pawongan sing merjuwangake emansipasi wanita. Emansipasi wanita iku nglungguhake priya lan wanita kanthi padha. Contone kaum priya isa sekolah, kaum wanita uga."
"Engga dinane iki sakehing wanita Indonesia isa ngrasaake donya kang endah ing saknjabane omahe. Isa se- kolah, kuliyah, makarya, lan sapa- nunggalane, padha karo priya. Iku kabeh asil saka perjuwangane Ibu Kartini. Se- bab, biyen bocah wadon iku ora pareng sekolah..." pidhatone bapak kepala kanthi disampekake kanthi semangat. "Sapa sing pengin niru perjuwangane Ibu Kartini?"
Kabeh ngacung. Klebu aku! "Piye carane?"
Aku lan kanca-kanca padha tolah- toleh. Piye carane, ya? gak ana sing ngacung kanggo njawab.
"Kanthi sinau sing tenanan! Bocah- bocah kudu nduweni cita-cita sing dhu- wur! Kudu nduweni tekad lan semangat kanggo nggayuh cita-cita mau. Sang- gup?" bacut pangandikane bapak kepala.
"Sanggup!" jawabku bebarengan kanca kabeh. Sanggup, sanggup, sang- gup!
Aku pancen ngidholakake Ibu Kartini. Mau bengi aku malah wis maca crita sugenge lan perjuwangane kanthi maca buku Kartini sing ana ing omah. Engga sakjudhul-judhule aku apal!
"Coba saiki digatekna maneh, Pak Guru arep takon. Sapa sing ngerti ju- dhule buku kumpulan surat-surate Kartini?"
Aku ngacung dhuwur. Aku paling ngerti jawabane!
"Habis Gelap Terbitlah Terang, Pak," jawabku banter saka barisan tengah.
"Sapa sing njawab iku? Ayo maju mrene!"
Olala, sakwise ana ngarep aku diutus njawab maneh nganggo mik sing dilungane Pak Kepala. "Habis Gelap Terbitlah Terang, Door Duisternis Tot Licht, Pak, " jawabanku gemontang sing disusul tepuk ambata rubuh saka sakehing peserta upacara dina iki.
"Bener. Pinter banget!" pangan- dikane bapak kepala sekolah muwuhi bungahe atiku. Kabeh ngeploki maneh amarga jawabanku sing dibenerna mau. Ya, ya, ya. Dina iki pancen dina sing paling nyenengna kanggoku!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar