Tata krama awujud paugeran-paugeran utawa norma kang ngatur ngenani tumindak sing kudu ditrapake slaras karo norma sing ana ing sawijining budaya utawa masyarakat. Tata krama biyasane ana sambung rakete karo panganggone basa, sopan santun, lan etika. Kanggone wong Indonesia (mligine kang bakal dirembug ing kene yaiku konteks ing kabudayan Jawa), tata krama penting kanggo njaga sesambungan bab sosial, ngregani, lan ngajeni marang sapadha-padha.
Ing kene punjere bakal ngrembug tata krama bab basa, lan ora ngrembug wujud tata krama liyane kanthi luwih princi. Amarga tata krama ing bab basa wis mulai ditinggalake marang bocah nom lan siswa. Malah generasi tuwa saperangan uga ana sing ora isa basa, utawa misale isa ora ditularake marang anak-anake.
Basa Jawa mujudake salah sawijine basa kang nengenake tata krama. Tegese, wong Jawa kudu nggatekake dhisik sapa sing dadi mitra tutur (lawan bicara). Menawa sing diajak ngomong wong sing luwih nom utawa sapadha-padha bisa nggunakake ngoko, nanging yen sing diajak ngomong wong sing luwih tuwa kudu nggunakake krama inggil.
Basa Jawa dhewe mantha-mantha basane ana patang jinis, antarane yaiku: ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, lan krama alus/inggil.
Luwih jangkepe bisa koksemak ana ing gambar-gambar ngisor iki:
Struktur Basa Jawa Ngoko Lugu
Ngoko Lugu basa sing lumrah dinggo saben dina ing bebrayan. Ukara kang migunakake ngoko lugu wiwit jejer nganti katrangan kabeh nggunakake ngoko.
Tuladhane:
- Aku mangan sega goreng.
- Klambiku disilih Rudi.
- Bukune perpustakaan apa wis kokbalekne?
- Saiki wis awan, lampune ndang patenana!
- Aja lali sesuk isih ana ulangan!
Struktur Basa Jawa Ngoko Alus
Basa Jawa Ngoko Alus rada beda karo Ngoko Lugu. Ukara kang nganggo Ngoko Alus isih ana tembung alus ing salah sawiji tembunge. Tuladhane ana ing ngisor iki. Tembung kang nggunakake tembung alus dicithak kandel.
Tuladhane:
- Sampeyan omahe ana ing sisih endi?
- Bapak lagi ngunjuk kopi ing teras.
- Mas Joko kesah ing sawah wiwit esuk.
- Dekwingi aku ketemu sampeyan maem neng warung pecel.
- Mbak Yuli tumbas trasi ing pasar.
Struktur Basa Jawa Krama Lugu
Basa Krama Lugu nggunakake tembung alus nanging ater-atere (awalan) sipate ora alus, tuladhane panganggone ater-ater tripursa “di-“, utawa nggunakake panambang (akhiran) “-e”. Tuladhane ana ing ukara-ukara ngisor iki:
- Sekul pecele sampun didhahar bapak.
- Adhik didukani bu guru nalika wonten sekolah.
- Mbah Kakung diaturi rawuh kenduren ten daleme Pak RT.
- Nalika riyadi kula diparingi arta 50.000 dening Mbah Uti.
- Pak Budi ditimbali Bu Kepala Sekolah.
Struktur Basa Jawa Krama Inggil
Basa Krama Inggil nggunakake tembung alus ing kabeh ukarane. Ater-atere (awalan) uga nggunakake ater-ater alus, semana uga panambange (akhiran) uga alus. Supaya ora ewuh, tuladha-tuladha ukara Krama Lugu ing ndhuwur diowahi ing Krama Inggil ngisor iki:
- Sekul pecelipun sampun dipundhahar bapak.
- Adhik dipundukani bu guru nalika wonten sekolah.
- Mbah Kakung dipunaturi rawuh kenduren ten dalemipun Pak RT.
- Nalika riyadi kula dipunparingi arta 50.000 dening Mbah Uti.
- Pak Budi dipuntimbali Bu Kepala Sekolah.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar