Selasa, 03 Juni 2025

Rembulan lan Mawar ing Pojok Latar

dening: Isngadi Marwah Atmaja

Ibu
Rembulan kang katon dhuwur nalika kita sawang saka tengah sawah bera iku
dina iki wis gelem langen ing jero sendhang
kembang mawar kang kita sirami saben dina
dina iki iki uga wiwit ngembang
warnane abang dhadhu

Ibu
Dina iki dhawuhmu nalika iku keprungu cetha
menawa aku wis bisa nyawang rembulan ing njero sendhang lan
kembang mawar ing pojok latar iku wiwit mekar
aku kudu mboyong putri kanggo mantumu

Ibu
Dina iki kaya kembang mawar ing pojok latar
Atiku wiwit mekar
Putri Sekardadu saka kutha wali iku wis gawe getering suksmaku

Ananging Ibu
Nalika aku nyedhak dhapuran kembang mawar-E
tanganku tatu ketancep eri ing gagange
Putri Sekardadu ilang gambare

Ayuningtyas, ...
Aku kepengin sliramu gelem dadi mantune ibuku

Gambiran, 28 Desember 2006

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...