Aksara Jawa Legena


Ing panulisane Aksara Jawa, aksara kang paling dhasar yaiku Hanacaraka. Yen digatekake, kanggo sinau Aksara Jawa Legena/Hanacaraka sing jelas beda karo sinau Aksara Latin ABC. Dadi kang paling wigati sinau Aksara Jawa yaiku dikulinakake. Cacahe Aksara Legena ana 20 aksara. Panulisane diwiwiti saka kiwa manengen.

Saben konsonan nglambangake sawanda (satu suku kata) kanthi vokal inheren /a/ utawa /ɔ/. Saliyane kuwi, panulisan tradhisional Aksara Jawa ora nggunakake spasi. Nanging, umume bisa nambahake tandha wacan kang asipat dekoratif. Tuladhane Aksara Jawa Legena bisa kokgatekake ing ngisor iki:


Kanthi nggunakake Aksara Legena iki, satemene awake dhewe wis bisa nulis saperangan tembung-tembung dhasar kanthi vokal /a/.

Tuladhane kaya ta:

  1. ꦲꦧ​ꦲꦧ = Aba-aba
  2. ꦮꦗ = Waja
  3. ꦲꦭ = Hala
  4. ꦱꦏꦛ = Sakatha
  5. ꦲꦤ = Hana
  6. ꦱꦏꦏꦭ = Sakakala
  7. ꦤꦮꦭ = Nawala
  8. ꦱꦝꦤ = Sadhana
  9. ꦢꦮꦠ = Dawata
  10. ꦱꦝ = Sadha
  11. ꦢꦪ​ꦢꦪ = Daya-daya
  12. ꦱꦢꦪ = Sadaya
  13. ꦠꦲ = Taha
  14. ꦱꦢꦫ = Sadara
  15. ꦠꦭꦒ = Talaga
  16. ꦱꦢꦤ = Sadana
  17. ꦠꦩ  = Tama
  18. ꦠꦫ = Tara
  19. ꦠꦠꦧꦱ  = Tata Basa
  20. ꦠꦠꦕꦫ = Tata Cara
  21. ꦱꦢ = Sada
  22. ꦢꦱ = Dasa
  23. ꦤꦭ = Nala
  24. ꦤꦤ = Nana
  25. ꦲꦫ = Hara
  26. ꦮꦭꦏ = Walaka
...::: 000 :::...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...