Aksara Murda

Aksara Murda iku perangan saka aksara Jawa kang digunakake kanggo nulis jeneng utawa tembung-tembung tartamtu kang nduweni gelar(status) luwih dhuwur. Aksara iki padha karo hurup kapital (huruf gedhé) ing aksara Latin. Cacahe aksara iki mung ana wolu, yaiku: Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, lan Ba.

Aksara Murda uga bisa digunakake kanggo nulis-nulis jeneng administratip sawijining panggonan kayata dhusun, desa, kecamatan, kabupaten, lan sateruse.

Panulisane Aksara Murda ana tata carane supaya bener lan pener. Tata cara panulisane Aksara Murda kang bener yaiku:

  1. Aksara Murda ora bisa didadekake hurup mati.

  2. Aksara Murda ora bisa dipateni karo Pasangan Legena.

  3. Pasangan Murda mung bisa dinggo mateni Aksara Lagena.

  4. Saben tembung kudu diwakili siji Aksara Murda (ora bisa luwih saka siji).

Tuladha panulisane Aksara Murda
  1. ꦑꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦨꦚꦸꦮꦔꦶ (Kabupaten Banyuwangi)
  2. ꦦꦿꦧꦸꦑꦽꦱ꧀ꦤ (Prabu Kresna)
  3. ꦑꦸꦛꦯꦸꦫꦧꦪ (Kutha Surabaya)
  4. ꦦꦿꦗꦨ꧀ꦭꦩ꧀ꦧꦁ​ꦔꦤ꧀ (Praja Blambangan)
  5. ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦡꦼꦂꦡꦶꦂꦠ (Dhokter Tirta)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...