Aksara Swara uga nduweni aturan panulisan kang kudu digatekake:
- Kusus dianggo nulis tembung-tembung serapan manca.
- Nulisake tembung kang aksara ngarepe arupa aksara vokal (A/I/U/E/O)
- Aksara Swara kuwi aksara kang ngadeg dhewe, yaiku aksara kang ora bisa digunakake minangka pasangan ing Aksara Jawa.
Tuladha panulisane Aksara Vokal:
- ꦏꦚ꧀ꦕꦏꦸꦩꦼꦒꦮꦺꦲꦶꦁꦄꦩꦺꦫꦶꦏ (Kancaku megawe ing Amerika)
- ꦮꦺꦴꦁꦲꦪꦸꦏꦸꦮꦶꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦺꦌꦭꦶꦗ꦳ꦧꦺꦠ꧀ (Wong ayu kuwi jenenge Elizabeth)
- ꦩꦶꦁꦒꦸꦔꦉꦥ꧀ꦲꦏꦸꦭꦸꦔꦲꦶꦁꦆꦤ꧀ꦝꦶꦪ (Minggu ngarep aku lunga ing India)
- ꦈꦭ꧀ꦠꦿꦩꦺꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦸꦤꦭꦶꦏꦲꦶꦱꦶꦃꦕꦶꦭꦶꦏ꧀ (Ultramen kuwi tontonanku nalika isih cilik)
- ꦲꦏꦸꦧꦶꦪꦺꦤ꧀ꦱꦼꦤꦼꦁꦩꦺꦭꦸꦎꦂꦒꦤꦶꦱꦱꦶ (Aku biyen seneng melu organisasi)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar