Aku Dudu Banci

Aku Dudu Banci

dening: Faza Aulia Rahma - SMPN 2 Banyuwangi


Wengi iki, atiku gela, kuciwa rumangsa ajur. Aku ora ngira yen kanca raketku sing sasuwene iki runtang-runtung, susah bareng-bareng malah ngenyek kesenenganku. "Ohh tibake awamu iki penari gandrung ta? HAHAHA banci," aloke kancaku. Masiya aku lanang luhku sing tak empet kaet mau langsung drodosan.

Aku mlaku karo ngrasakne lungkrahe awak nalika iling omongane kancaku mau. Mungguha kancaku ngerti Marsan, mbok menawa deweke bakal melu sedih, prihatin, nanging uga mongkog. Dudu, gandrung Marsan iku ora ana gegayutane karo banci, merga Marsan melu nyengkuyung lan ngelindungi suku Osing sing nalika semana ana bebaya. Simbah ku tau crita kena ngapa gandrung nalika kuwi sing nari kudu wong lanang. Merga jare simbah penari gandrung jaman biyen wanita, mesti dadi sasaran para Walanda sing nggudha, ngelecehake, nganti ngrudapeksa.

Nanging ning njero atiku mesti dedunga Marsan bisa urip lan ngrembaka saengga masyarakat Banyuwangi tansah atur panuwun. Merga apa sing dadi lelandhesane Marsan yaiku nyelametake para penari gandrung wanita supaya nari kanthi bebas. Rahayu.

Banyuwangi, 18 Mei 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...