Alam Katresnan
dening: Eko Y. Purnanto
Mung siji kali mili
rina wengi tanpa pungkas iline
tumelung gampeng mbambing
tumungkul jurang cerung
rina wengi tanpa asat weninge
Ngematake sejatine tentrem
srengenge ngiyup lintang sumiyut
rembulan leledhang
bumi wedi kumrisik
bebarengan ngilo sajerone
tumungku lair batine
Rina wengi banyu kali dicidhuki
ngombe lan reresik rumesep ing bale somah
wadon bekti ing guru laki
anak kesinungan budi pekerti
nyawiji ing kiblat
laras keplase ancas
Jroning wening wujude kekuatan
tanpa wates
kesurung ombere pangerten agung
anane kang nganakake
rina wengi
dadi iwak wader slulup lan lelangen
tanpa pungkas disilemi
taat tumungkul mung marang sawiji
sejatine panguripan
gumelar sajembare iman
Jakarta, Juni 1996
Tidak ada komentar:
Posting Komentar