Angenku Mabur Bareng Timnas
dening: Adib Zainul M - SMPN 2 Kalibaru
Jujur wae, bapakku mung buruh srabutan lan ibuku tukang pesut ing laundry cedhak omahku, nanging aku ora tau rumangsa mlarat, kabeh kudu disyukuri. Wiwit cilik uripku sederhana-sederhana wae, nanging aku ora gampang iri nyawang wong liya. Wong tuwaku ngajari supaya ora gampang melik. Aku duwe prinsip yen duwe kepinginan kudu berusaha, Aku tetep bersyukur dadi wong sing sederhana sing penting aku ora ngerepotne wong liya.
Wiwit cilik aku pingin dadi pemain bal senajan aku dhewe ora yakin. Akeh banget pepalange, sing ora duwe sepatu, ora diidini wong tuwa, lan fisikku sing endhek methekel sajake ora mendukung. Nanging krentege jero ati iki nyeseg banget lan tansah ngobahake sikilku yen weruh kancaku nyekel bal. Aku dadi tim penguat sepak bola SMPN 2 Kalibaru lan mesti diajak yen ana pertandingan. Nganti sawijining dina aku kudu nampa kenyataan ngubur kepinginanku dadi pemain bal amarga aku tiba. Tanganku ceklek lan kudu dioperasi.
Aku nekat main bal maneh nalika daksawang tanganku wis waras. Beja banget rasane atiku nalika ketemu pelatih Timnas Indra Safri. Pelatih hebat kuwi ngendikan yen aku kalebu bocah sing luar biasa. Senajan awakku dhuwur kencur ora dadi pepalang dadi pemain bal hebat. Aku kelakon dadi penguat timnas Indonesia lan tandhing ing Thailand. Horeee, menang…! Bapak ibuku mrebes mili bungah nalika dakvideo call. Atiku sorak-sorak seneng antuk ucapan selamat saka Bu Ipuk bupati Banyuwangi lan isa foto karo pak Presiden Joko Widodo. Esem iki ora gelem daksurut, nalika pesawat sing ngemot aku lan kanca timku wis mabur nggawa sewu marem lan bombong. Gludhuk…, gludhug…, swara gebrubug lan kayake pesawate oleng ngiwa nengen. Aku gragapan tangi. “Le, wis subuh. Ayooo ndang tangi”, ngendikane ibu ngoyang-ngoyang awakku. Ealah….jebul mung kembange wong turu.
Kalibaru, 11 Mei 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar