Tembang Asmarandana
Asmarandana (ꦲꦱ꧀ꦩꦫꦤ꧀ꦢꦤ) asale saka tembung asmaradhahana, kang nalika dipantha dadi “asmara” (tresna) lan “dhana” (geni). Ing mitologi lan kabudayan Hindhu, Hyang Asmara yaiku asmane dewa katresnan ing pewayangan Jawa-Bali. Jeneng Asmarandana ana sambung rakete karo pristiwa sirnane Asmara dening sorot mripat katelune Siwa kaya kang disebutake ing Kakawin Smaradhana karyane Mpu Darmaja. Ing sajrone Serat Purwaukara, smarandhana diwenehi teges remen ing paweweh.
Ing sajrone falsafah Jawa, asmarandana yaiku tembang kang nggambarake pamudha kang lagi ketaman asmara. Mulane, ing sadawane pulo Jawa, tembang Jawa Kuna Asmarandana ora mungkin nggawakake crita ngenani kepati utawa bab sedhih.
Paugerane tembang Asmarandana yaiku:
Guru gatra 7, guru wilangan 8,8,8,8,7,8,8, guru lagu a,i,e,a,a,u,a.
Tuladhane tembang Asmarandana:
Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitane
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angel, angel kalangkung
Tan kena tinumbas arta
Kidung kedresaning kapti
Yayah nglamong tanpa mangsa
Hingan silarja jatine
Satata samaptaptinya
Raket rakiting ruksa
Tahan tumaneming siku
Karasuk sakeh kasrakat
Linali tan bisa lali
Suwe suwe saya nglela
Katon wae sak solahe
Gembili gung woh ing tawang
Gedebugan ra geng wang
Jenang sela reca kayu
Mbalenjet nggoleki sira
Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Purbalingga
Prang tandhing wurubhisma
Karia mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra
Ana tulise Hyang Widhi
Yen wong sabar lan narimo
Ginanjar dawa umure
Sugih kadang lawan mitra
Kinacek ing sasama
Yen lagi lara wong iku
Gampang nggone antuk tamba
Lumrah tumrap wong ngaurip
Dumunung sadhengah papan
Tan ngrasa cukup butuhe
Ngenteni rejeki tiba
Lamun tanpa makarya
Sengara dapat kepthuk
Kang mangkono bundhelana
Aja turu sore kaki
Ana Dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima
Ngali Samsujen kang nami
Sapraptane sinambrama
Kalawan pangabektine
Kalangkung sinuba-suba
Rehning tamiyan raja
Lan sejejinis puniku
Wenang lamun ngurmatana
Kabeh wong wajib ngurmati
Lan bektia maring wong tuwa
Tansah manut pranatane
Yen diutus ojo semaya
Amrih begja ing donya
Utamane marang ibu
Merga prayogane mulya
Maksihe Bapa anenggih
Langkung suka ingkang rama
Sang Prabu Jaya Bayane
Duk samana cinarita
Pan arsa katamiyan
Aja pandhita saking Rum
Nama Sultan Maulana
Wusnya mangkana winari
Lami-lami apeputra
Jalu apekik putrane
Apanta sampun diwasa
Ingadekaken raja
Pagedhongan tanahipun
Langkung arja kang negara
Milane sinungan sakti
Bathara Wisnu punika
Anitis ana ing kene
Ing Sang Prabu Jaya Baya
Nalikane mangkana
Pan jumeneng Ratu Agung
Abala para narendra
Sang dyah sukune mung siji
Atenggak datanpa sirah
Ciri bengkah pranajane
Tinalenan jangganira
Sinendhal ngasta kiwa
Ngaru ara denya muwus
Sarwi kekejek kekitrang
Kita kudu tansah eling
Tujuan kita sekolah
Cita sing dikarepake
Budhal katon bagaskara
Kanthi kartika candra
Sekolah agawe ilmu
Lan agawe adhikarya
Nandang budaya ing ati
Rasane apik lan indah
Kaya edan bebasane
Apa maneh ndugi mripat
Tambah becik lan indah
Budaya mboten ditumbas
Amarga kudu dijaga
Ngrumati nggo tulus ati
Tanpa rasa yen rekasa
Nganggo tresna sejatine
Nganti ngorbakake nyawa
Mung kanggo bungah putra
Boten gerah kang mitutur
Kanggo ilmu bermanfaat
Nandang asmoro ing ati
Nadyan katon ana
Kaya edan bebasane
Kanggomu aku lila
Rasa tresna kang satuhu
Aku tresna aku tresna
Tidak ada komentar:
Posting Komentar