Bangunrejo Kidul Wanci Sore

Bangunrejo Kidul Wanci Sore

dening: Daniel Tito

Datan ana maneh kidung panglangut ing kene lan suwaken
kapangmu marang
langit biru, guritan biru, unine manuk bence
percayaa, nadyan iki mung aku sing kandha panjereting ati
dudu pamburating duratmaka
wanci sore, bangunrejo kidul, dak suntak sakabehing tangis
dasihku
aja kleru panampa, aku ngerti ora guna ngoyak pangimpen
sing ngayawara
mokal sunar dewangga jumedhul ing tengah wengi ing rupaking
alas jati
jer aku teka tan prabeda suksma ngulandara jer aku amung
sadrema mitra kang kuwawa ngucap apa?

Ngawi, 18 Juni 1995

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...