Bella Pinter Tapi Sabar

Bella Pinter Tapi Sabar

dening: Jihan Apriliana Aulia Brilianty - SMP Darul Ulum


Bella kuwi bocahe ayu tur manis. Bocahe patHeng  sinau lan sregep. Neng kelas Bella diakoni bocah pinter, pinter budi lan pakertine, saben dina Bella budhal sekolah nyambi nggawa jajan gawenan ibune. Krono kauriapane kulawargane Bella sederhana, Bella nduweni angen-angen pengin dadi dhokter. Amergo Bella ngerteni kauripane kulawargane, Bella mutualan milih ngewangi ibune dodol jajan neng pasar, masiya Bella ora kuliyah, nanging Bella tetep sregep sinau, amerga Bella ngerti ilmu iku ora ana watese.

Bella panggah sregep sinau ben isa banggakne wong tuwane, Bella sregep nabung saben dinane. Krana Bella sregep nabung, ora kerasa dhuwite Bella nganti jutaan. Bella nduweni idhe dhaftar neng kebidanan sing murah. Limang wulan Bella sinau ilmu kebidhanan. Bella terus belajar kanthi iso dadi dhokter. Bella ora tau sambat neng wong tuwane amerga Bella pengin nyenengake bapak lan ibune.

Wis setaun Bella kanthi rutin ing kebidhanan. Bella nambah pangkat ing perawat, nanging Bella ora mandheg ing perawat. Bella terus sinau sinau lan sinau. Bella bocahe ora tau nyerah amerga semangate Bella sing murub. Bella ora nyuwun biaya marang wong tuwa amerga Bella isin krana wis gedhe. Telung taun Bella sinau ing bidhang kedhokteran, neng dina Senen Bella lulus lan sah dadi dhokter neng Universitas Gajah Mada. Bella bungah lan bersyukur, Bella isa dadi dhokter amergo kesabaran semangat lan dongane wong tuwa. Pesene Bella ”aja gampang nyerah sak durunge nyoba”.

Banyuwangi, 18 Mei 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...