Bocah Koin
dening: Mita Dian Pratiwi - SMPN 2 Banyuwangi
Aku ora bisa urip tanpa dhuwit ithig (recehan) iku. Panase srengenge sing ora tau leren, sumilire angin kang doyongake awakku, sakujur gedhene ombak sing narik awakku saengga ngerasaake banyu sing melebihi awakku.
Aku isih eling nalika iku, logam bunder kuning-kuning cumeblok kaya udan. Aku wis suwi ning kana nunggu ceblok e dhuwit (ithig) mau, yen wis ceblok aku langsung slulup. Gedhe pengarep- arepku bisa nggawa bali menyang omah. Aku duwe adhi loro lan keluarga ku klebu ora mampu. Yen sedina ora ana wong sing ngudani dhuwit, aku ora iso bayangake kepriye pawone ibuku bisa kemebul , kamangka adhiku isih butuh asi lan nyusu.
Tau aku keplanting merga ora ngira bakal ana ombak muser nganti awakku kegawa nang dasare segara, sing tak iling-iling yen aku kudu mati ning segara, muga jasadku bisa ketemu lan aku dedonga muga - muga keluargaku ora kesuwen yen ngerasaake kelangan merga aku mati neng dalan mulya.
Banyuwangi, 18 Mei 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar