Bulak Amba

Bulak Amba

dening: Irul S. Budianto

bulak amba wetan desa
jaman biyen nggembol sewu crita
mangsa rendheng utawa ketiga ora ana bedane
kang sarwa tinandur ledhung-ledhung godhonge

bulak amba wetan desa
esuk nganti sore ora nate sepi
gumyake kadang tani nepusi dina-dina
ketang ngliga dhadha ora ana sing moyoki

yen wengine wis seba
konang-konang mesem pamer cahya
ing suketan jangkrik-jangkrik tetembangan
lagu-lagu kamardikan
dadi langgam sing bisa ndudut ati
saurute wanci

bulak amba wetan desa
jaman biyen nggembol sewu crita
guyub rukune kadang tani ora nate wudhar
bareng lakune tradhisi sing isih ajeg kababar

bulak amba wetan desa
aja kaget yen saiki critane beda
ing saben pecak thukul cor-coran beton
saenggon-enggon rinengga lampu plenthon
njalari aku lan sliramu kangelan nggoleki
konang lan jangkrik sing bisa miyak sepi

2016

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...