Delok Upacara Kebo-Keboan
dening: Muhammad Rakha Baskara Yuliawan - SMPN 4 Genteng
Dina Minggu aku karo bapak ibukku arepe neng Alasmalang ndelok kebo-keboan. Kebo-keboan iku salah siji upacara adat, kanggo ucapan syukur maring Gusti amarga panen sing kasil akeh. Upacarane rame, akeh sing delok uga akeh wong sing dodolan ing kiwa tengene dalan. Dolan ing Alasmalang iki, hadhiah kanggo aku ing ulang tahun kaping 13. Aku uga oleh hadhiah hp anyar ditumbasne bapak. Dina iki aku seneng banget.
Sesuke aku dolan nang kali sepedhahan iring-iringan wong lima. Aku, Riski, Wenda, Adit lan Tegar. Hiburan sing tak senengi saben sore, adus-adusan karo latihan renang. Ing dalan kebut-kebutan karo balap-balapan karo guyon. Moro-moro sepedaku di surung karo sikile Adit, sepadaku oleng, ilang keseimbangan terus ceblok. Sikilku babag bundas, aku kesel banget karo Adit. Aku banjur tangi lan nguber Adit lan ganti tak tabrak sepedane saka mburi. Adit tiba terus nesu lan tukaran . Hp anyarku tiba saka saku celanaku langsung dijupuk Adit lan dionjalake. Aku langsung mlayu goleki hpku dibantu konco-koncoku. Suket-suket lan got-got wis tak cempungi tapi hpku durung isa ketemu. Srengenge wis katon angslup adzan magrib wes diunekake ing mushola. Dalan wis katon peteng akhire aku sepakat mulih.
Suwengi aku gelibegan ora isa turu, akhire karipan lan telat budhal sekolah. Lesu ora isa konsentrasi, ulangan entuk nilai 30. Saka sekolah aku goleki maneh hpku sing ilang . Ananging tetap ora ketemu. Awakku lemes sak kala. Sampek omah aku kaget amarga ana Pak Ali guru ngajiku. Aku ganti klambi sholat dhuhur terus mlebu kamar. “Rakha, Rakha endi hpmu le?“. Aku metu kamar, “nembe dichas teng kamar.“ jawabku ngapusi. Ibu meksa aku jupuk ing kamar. Aku kemringet bingung piye arepku jawab lan matur ibu, yen hpku ilang. Ibu ngrangkul aku karo ngelus rambutku, hpmu ilang to?. Aku manthuk karo nundhuk wedi banget. Makane kesok maneh jujur ora oleh ngapusi. Iki hpmu ditemokne pak Ali. Dawuhe ibuku.
Banyuwangi, 17 Mei 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar