Durma

Tembang Durma


Durma (ꦢꦸꦂꦩ) filosofine saka mundur ma lima. Moh limo utawa ma lima yaiku filosofi Jawa ngenani tumindak ngadohi utawa nampik (moh) limang wujud “ma”, yaiku madhat (candhu tumrap zat), madon (wong wadon utawa nglakoni zina), main (ateges dolanan samubarang kang sipate judi), minum (ateges mendem), lan maling (tegese nyolong barang kang dudu duweke).

Tembang durma uga nduweni watak utawa bisa digunakake ing kahanan galak, serem, utawa wani. Saliyane kuwi, durma uga dimangerteni karo tembung “derma” (menehi). Adhedhasar makna homofon kasebut, durma nduweni substansi petuah, pepeling, utawa kabar-kabar kang njalari nikelake ketaatan ing bab agama. 

Ing falsafah Jawa, durma idhentik ditembangake dening wong kang wis umur marang para pamudha supaya nindakake kauripan kanthi becik lan bener sarta ora nyalahi prentah-prentah agama.

Paugerane tembang Durma yaiku:
Guru lagu 7, guru wilangan 12,7,6,7,8,5,7, guru lagu a,i,a,a,i,a,i.

Tuladhane tembang Durma:
Paman-paman, apa wartane ing dalan
ing dalan akeh pepati
mati kena apa
mati pinedhang ligan
ing jaja terusing gigir
akari raga
badan kari gluminting

Krodha prabu Rawana narik candrasa
pinrang luput ngoncati
Subali malumpat
mbedhol wit gorarupa
pinuter saengga giri
Sri Dasamuka
pinupuh angoncati

Sining jagad apa sira dhewe ingkang
sineren guna sekti
buta palawija
migena wong atapa
yen sira kudu ajurit
lah tekakena
budimu sun kembari

Duk miarsa Subali madeg krodhanya
sugal dennya nauri
apa talingira
dene kabina-bina
ambegmu angluluwihi
ndhasmu tan kaprah
buta gedheging bumi

Para siswa gatekno bab kang utama
Pisan sholat lan ngaji
Ngabekti wong tuwa
Kang rukun marang kanca
Sabar nalika di uji
Tansah nerima
Nuju mulyane urip

Diyu ditya manungsa sanadyan dewa
nora keha nimbangi
guna kuringaprang
mengko monyet ngalunyat
peksa lumuwih neng bumi
lah kalahena
wuk kuring aprang dhingin

Dhuk miarsa krodha prabu Dasamuka
denira wre Subali
sedya ngluwihana
lawan isining jagad
nudingi asru dennya ngling
kagila-gila
si monyet ingkang pinrih

Maputeran panyabete kering kanan
sinosog waos biting
tan mantra tumama
saya keh wadya bala
kang ngemasi kapalipis
kang teguh rosa
picondhang mempis-mempis

Kadya kilat sisik mubyar kabaskaran
yayah tinubing rukmi
sumiyut gumebyar, nibani wadyabala
sewu prajurit kaplipis
remuk sumebar
singlar-singlar keh mati

Gumarudug anawat sela lir udan
tanapi gada bindi
kunta myang senjata
tibeng angganing sarpa
datan mantra anedhasi
sangsaya krura
molah amuter pethit

Risang sarpa uninga pinagut yuda
sumebut andhatengi
sumembur wisanya
kadya riris sumebar
wadya bala anadhahi
surak gumerah
lan tengara tinitir

Alon matur mring kang paman Sri Manila
dede wados puniki
paran karseng rama
hulun datan kawagang
ngandika Sri Bramasekti
sira menenga
ingsun arsa mungkasi

Gilar-gilar kadya ingkang surya kembar
suing kumilat kengis
lidhah lir daludag
raja Mandrasaraba
kekes denira ningali
angganing sarpa
dene yayah rinukmi

Datan kewran karya tangkising kagunan
sang mindha sarpa nuli
manjongok angakak
meh parek lawan rata
sirahing naga ngungkuli
rataning nata
netra katon gumilir

Mijil hastra neka warna pangawasa
gumredeg anibani
Sakehing kadibyan
nira prabu kalihnya
sang amindha sarpa kalis
datan kasoran
retna Kenakasasi

Lumayua lan arimu dipunenggal
sang retna anahuri
bibi emah-eman
kembange akeh megar
dupeh sarpa gigi lani
lag ngarah apa
ni randha duk miarsi

Kae manungsa golèk upa angkara
Sesingidan mawuni
ngGawa bandha donya
mBuwang rasa agama
Nyingkiri sesanti ati
Tan wedi dosa
Tan èling bakal mati

Dyan anarik candrasa Prabu Rawana
Pinrang jatayu jeni
Suwiwine sempal
Tiba sang peksi raja
Sinta manglayang sira glis
Cinandhak kena
Mring sang reksapati

Ibu wanita kang mulya ing semesta
Tresnane saka cilik
Bekti ibu wajar
Prayogane utamakna
Surga ana ngisor kaki
Ibu pahlawan
Lan tulus tanpa pamrih 

Solahing kang yuda ananggulang sarpa
tan mantra angawali
malah keh picondhang
duka prabu kalihnya
mangsah ratanira gumrit
mangekapada
menthang langkap pinusthi

Kang kataman keh malepuh gundam-gundam
sagung para bupati
sakedhap kewala
sinabet kasulayah
kang panggah kaplipis rujit
prabu kalihnya
waspada aningali

Wadya wuri giniring mring ratunira
bentet samya ngebyuki
surak lir ampuhan
tambuh kehing gegaman
sang naga molah nguwati
nembur magalak

Yata para punggawa sareg umangsah
satus samya sinekti
sewu mantri wira
panggah ngangsahken gada
kunta nanggala myang bindi
tumibeng sarpa
tan mantra miyatani

Angur silih den adu padha manungsa
babegjan padha siji
iku buron sarpa
tan nganggo kira-kira
lawan ora idhep wedi
daya cilika
gedhe sapuluh tiris

Ing wusana bubar larut asar-saran
tan kena den adhangi
mring para punggawa
ginebugan ameksa
kang saweneh ana angling
sapa kang kelar
tumanggah mesthi mati

Rajeng Siyem Manila angatag wadya
kinen angrubut jurit
pinrih patinira
nyana sarpa wantahan
punggawa kinen mangarsi
kang prawireng prang
keh sikep gada bindi

Wadya bala Siyem kalawan Manila
kagyatira tan sipi
mundur tur uninga
marang narendranira
yen wonten sarpa gang prapti
saking jro taman
galak anerak baris

Minger medah Sang Retna Galuh tinilar
sang naga prapteng jawi
sedya ananggulang
praptane kang gegaman
laju sumebut dhatengi
krura angakak
gora reh gigirisi

Minger medah Sang Retna Galuh tinilar
sang naga prapteng jawi
sedya ananggulang
praptane kang gegaman
laju sumebut dhatengi
krura angakak
gora reh gigirisi

Kontrangkantring saking marase kalintang
dhuh aduh anak mami
age lumayua
yata kang kawuwusa
wonten gegaman geng prapti
jawing taman
ingkang hadar bebaris

Yen nglawan virus corona ora gampang
Kudu di suntik vaksin
Kudu njaga jarak
Lan kesehatan awak
Muga coronae sirna
Pesene bapak
Yen lali kudu eling

Babo babo mara age tandhingana
Sun prajurit linuwih
Sekti mandraguna
Prawira ing ngayuda
Kang tandhing haywa lumaris
Tan wurung sira
Sirna ndepani bumi

Bener luput ala becik lawan beja
cilaka mapan saking
ing badan priyangga
dudu saking wong liya
pramila den ngati ati
sakeh durgama
singgahana den aglis

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...