Fatmawati Soekarno Mbobot Tuwa nalika Njahit Gendera
dening: Fem
Ana crita kang narik ngenani pengalamane Bu Fatmawati Soekarno nalika mbobot. Panjenengane nyidham, kepengin panganan sing aneh-aneh. Nalika mbobot sepisanan kepengin dhahar apel. Kamangka nalikasemana apel iku langka banget. Mesthi wae pepinginan mau mung ana ing angen-angen wae. Bu Fatmawati menawa mbobot rada rewel, ora sehat kahanane salirane. Apa sing didhahar mesthi mutah. Saben dinane kerep ngglethak neng tempat tidur wae merga ora kuwat ngglawat. Nalika nyidham mengkono mau ora bisa ajeg ndhampingi Bung Karno ing acara-acara lan kegiatan politik. Bareng kandhutane wis ngancik umur pitung sasi, Bu Fatmawati lagi sehat lan kersa dhahar.
Nalika semana Bu Fat kudu wis nyiapake ubarampe bayi, kayata popok, slimut, ranjang bayi, slambu lan sapanunggalane. Kamangka bahan sandhang angel banget. Kanggo gawe popok lan klambine bayi, Bu Fat trima mundhut klambi rombengan sing dituku saka wanita-wanita Indo. Klambi rombengan mau banjur didhedheli, dipotong lan dijahit dhewe. Ranjang bayi mung saka penjalin, slambune kain tile sing golek-golekane ora gampang.
Nalika Bu Fat entuk kiriman kain rong gebog, siji werna abang sijine putih. Kiriman mau embuh saka sapa ora cetha, mbokmenawa saka Jawa Hokokai. Karepe, nyumbang kanggo ubarampene bayi. Bu Fat banjur gawe popok lan klambi sarta keperluan liyane. Embuh gagasan saka ngendi tekane, Bu Fat kok banjur kepengin gawe gendera sing gedhe. Kain werna abang lan putih mau banjur dipotong lan dijahit dadi gendera merah putih sing amba. Njahite nganggo mesin jahit pancal. Ora ngira yen gendera mau banjur dadi gendera pusaka kang ngemu sejarah. Gendera jahitane Bu Fat dikerek bareng kumandhange lagu kebangsaan Indonesia, Indonesia Raya, sawise proklamasi kamardikan kaumumake.
Bayi sing dikandhut Bu Fat lair lanang, dijenengake Guntur Soekarno Putra.
Bu Fatmawati Soekarno seda tanggal 14 Mei 1980 ing Kuala Lumpur nalika kondur saka ibadah umroh ing Tanah Suci. Panjenengane ora kersa dipetak ing Taman Makam Pahlawan, cukup ing Makam Umum Tanah Kusir. Jasa-jasane Bu Fat sajrone ndhampingi Bung Karno minangka preisden RI sepisanan entuk pangaji-aji saka pemerintah wujud Bintang Mahaputra.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar