Tembang Gambuh
Gambuh (ꦒꦩ꧀ꦧꦸꦃ) Sdf asale saka tembung jumbuh (slaras karo kekarepan). Gambuh yaiku metafora saka bocah cilik kang lugu, polos, lan nduweni hobi kang akeh sarta ora seneng kepenginane dibantah.
Ing kabudayan Jawa tembang iki nyritakake manungsa nalikane wis ketemu karo wong kang wis cocog. Banjur nerusake kauripan kanthi mangun bale wisma lan pikantuk restu saka wong tuwa.
Paugerane tembang Gambuh yaiku:
Guru gatra 5, guru wilangan 7,10,12,8,8, guru lagu u,u,i,u,o.
Tuladhane tembang Gambuh:
Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa kapatu
Kapatuh pan dadi awon
Aja nganti kabanjur
Barang polah ingkang nora jujur
Yen kebanjur sayekti kojur tan becik
Becik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Ya kanca mlaku-mlaku
Nyegerake awak esuk-esuk
Ayo konco konco subuh pada tangi
Mlakune karo geguyu
Mlaku-mlaku banjur ngaso
Mun hayang hirup makmur
Kudu sing rajin neangan elmu
Mun urang sok hayang dihargaan diri
Kudu ngaharhaan batur
Jeung kudu hormat
Tutur bener puniku
Sayektine apantes tiniru
Nadyan metu saking wong sudra papeki
Lamun becik nggone muruk
Iku pantes sira anggo
Ana pocananipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh
Si kidang ambegipun
Angandelaken kebat lumpatipun
Pan si gajah angandelaken gung ainggil
Ula ngandelaken iku
Mandine kalamun nyakot
Iku umpamanipun
Aja ngandelaken sira iku
Suteng nata iya sapa kumawani
Iku ambeke wong digang
Ing wasana dadi asor
Adiguna puniku
Ngandelaken kapinteranipun
Samubarang kabisan dipundheweki
Sapa bisa kata ingsun
Togging prana nora enjoh
Ambek adigung iku
Angungasaken ing kasuranipun
Para tantang candhala anyenyampahi
Tinemenan nora pecus
Satemah dadi geguyon
Ing wong urip puniku
Aja nganggo ambek kang tetelu
Anganggowa rereh ririh ngati-ati
Den kawangwang barang laku
Kang waskitha solahing wong
Rasaning tyas kayungyung
Angayomi lukitaning kalbu
Gambir wana kalawan hening ing ati
Kabekta kudu pinutur
Sumingkiringreh tyas mirong
Den samya amaituhu
Ing sajroning jaman kala bendhu
Yogya sampeyan yuda hardaning ati
Kang anuntun mring pakewuh
Uwohing panggawe awon
Ngajapa tyas rahayu
Ngayomana sasameng tumuwuh
Wahanane ngendhakke angkara klindhih
Ngendhangken pakarti dudu
Dinulu luwar tibengdoh
Beda kang ngaji pumpung
Nir waspada rubedane tutut
Kakanthilan manggon anggung atur wuri
Tyas riwut ruwet dahuru
Korup sinerung angoroh
Ilang budayanipun
Tanpa bayu weyane ngalumpuk
Sakciptane wardaya ambebayani
Ubayane nora payu
Kari ketaman pakewuh
Iku upamanipun
Aja ngandelake sira iku
Suteng nata iya sapa kumawani
Iku ambeke wong digang
Ing wasana dadi asor
Amrih pareke iku
Yen wus kanggep nuli gawe umuk
Pan wong akeh sayektine padha wedi
Tan wurung tanpa pisungsung
Adol sangggup sakehing wong
Yen wong mangkono iku
Ora pantes cedha karo wong agung
Nora wurung anuntun panggawe juti
Nanging ana pantesipun
Wong mangkono didhedheplok
Aja kakehan sanggup
Durung weruh tuture agupruk
Tutur nempil panganggepe wruh pribadi
Pangrasane keh kang nggunggung
Kang wus weruh amalengos
Aja nganggo sireku
Kulakuwan kan mangkono iku
Nora wurung cinirenen den titeni
Miiring pawong sanak sadulur
Nora nana kang pitados
Tidak ada komentar:
Posting Komentar