Gedung Moh. Husni Thamrin lan Pergerakan Kebangsaan Indonesia

Gedung Moh. Husni Thamrin lan Pergerakan Kebangsaan Indonesia

dening: Koesalah S.T.


Muhammad Husni Thamrin, salah sawijining "putra terbaik" Indonesia kelairan Betawi taun 1894 lan seda taun 1941, ditetepake dadi Pahlawan Kemerdekaan Nasional sarana keputusan Presiden RI No. 175 tanggal 28 Juli 1960. Ing Jakarta asmane dilanggengake dadi jeneng dalan protokol lan jeneng proyek pranatan slaras karo gegayuhane Thamrin kang awal, yaiku "majokake kiprahing dagang, pendidikan, lan kasarasan masyarakat" kang ora liya ya azas organisasi Kaum Betawi kang didhapuk dening panjenengane nalika taun 1923. Dadi taun 1923 mujudake tunggak penting kanggo riwayat perjuwangane bapak bangsa Indonesia iki.

Tunggak penting sabanjure yaiku taun 1927. Taun 1927 kuwi Thamrin nindakake telung prakara kang historis:

Nomer siji, panjenengane mutusake nyaguhi dadi anggota volksraad utawa Dewan Rakyat dhapukane Pamarentah Hindia Belanda nalika taun 1918. Tanpa tedheng aling-aling nyaguhi dadi anggota, arepa para tetunggul liyane nganggep Dewan mau ora liya mung panggung sandhiwara. Destun saka jeron Dewan mau Thamrin nglancarake kritik-kritik mandhes barang marang Pemerintah Hindia Belanda. Panjenengane banjur kawentar dadi tokoh  ko ing tengah ubaling sumanget non. Amarga saka vokale, swarane malah dirungokake lan digatekake dening pamarentah.

Nomer loro, saka prakarsane Thamrin, Kaum Betawi gabung dadi anggotane PPPKI (Permufakatan Perhimpunan-Perhimpunan Politik Kebangsaan Indonesia), sawijining wadhah persatuan nasional kang kena disebut plopor front nasional kanggo nggalang kekuwatan nasional lan nggayuh kamardikan. Pancen wadhah persatuan mau ora suwe mblangkrak, ora dawa umure, nanging ora bisa diselaki, wadhah persatuan mau wis klakon dadi sawijining bibit kang melu ngrembuyungake taman persatuan nasional.

Nomer telu, saka jeron Dewan Rakyat Thamrin nglancarake kritik mandhes marang praktek Poenale Sanctie kang wiwit diundhakake ing taun 1877. Poenale Sanctie, yaiku azas kang menehi wewenang marang para majikan kanggo nangkep, ngukum, lan njeblosake nyang buwen sapa wae kuli kontrak kang nglanggar kontrak kaya dene mlayu, mogok, lsp. Sarana undang-undang mau kuli kontrak kang jan-jane mujudake mesin penguripane lan mubra-mubrune kaum penjajah lan para antheke, dipeksa urip langgeng sarwa kecingkrangan.

Upamaa jaman semana wis ana istilah hak azasi manusia, ya ing jagading kuli kontrak mau gudhange pelanggaran hak azasi manusia kang ditindakake dening para majikan. Ya adhedhasar kritikane mau panjenengane bareng lan Kusumo Utoyo dikirim menyang Sumatera Timur. Praktek-praktek ala ing perkebunan Sumatera Timur banjur dilapurake marang Dewan Rakyat. Pancene Poenale Sanctie tetep ora dicabut nganti tumekaning Perang Dunia II, nanging kritik Thamrin ndilalah antuk pangayubagya ing Amerika Serikat. Amerika Serikat malah banjur nglancarake kampanye boikot marang tembako Deli.

Mula kaya ora ngayawara yen ta dikandhakake, arepa mung sakuku ireng kritik Thamrin ana andile marang prakarsa Perserikatan Bangsa-Bangsa netepake prinsip-prinsip Hak-hak Azasi Manusia (Universal Declaration of Human Rights) kang ditandhatangani dening para anggota PBB taun 1948.

Langkah-langkah penting taun 1927 mau matengake Mohammad Husni Thamrin minangka tokoh lan pejuang nasional. Mula ora aneh, yen nalika tanggal 11 Desember 1928, yaiku: nalika "Perguruan Rakyat" didegake ing Jakarta minangka realisasi cita-cita Sumpah Pemuda tanggal 28 Oktober 1928, panjenengane ora absen. Ing dalem Badan Pengawas Perguruan mau panjenengane dadi anggota, bebarengan karo Dr. Asikin, Mr. Muh. Yamin, Nyonoprawoto, Sunarko, R.A. Kusumo Utoyo (Ketua), D. Kusuma Subratab (Penulis), Mr. Hadi, Dahlan Abdullah, Mr. Sartono, lan Dr. Kayadu. Dene Badan Pangurus Perguruan nyakup Dr. Mr. Muh. Nazief (Ketua), Arnold Mononutu (Penulis I), Sudarmoatmojo (Penulis II), B, Tomowardoyo (Bendahara I), lan S. Martadisastra (Bendahara II).

Thamrin ora mung dadi anggota pasif. Salah sawijining buktine ya kuwi sing saiki karan Gedung Mohammad Husni Thamrin. Upamaa gedung mau bisa guneman, wis mesthi bisa crita kanthi wijang lan runtut apa wae kang wis kadaden ing gedhung ing sajroning 70 taun nganti seprene. Nanging sarehne ora bisa guneman, saiki genti para seksi kang kudu crita. Ana seksi telu kang bisa kita rungokake keterangane, yaiku:

  1. Prof. Drs. Moh. Abdullah Sigit; 
  2. Prof. Dr. Sutan Takdir Alisyahbana; lan 
  3. Tutie Sutari.

Prof. Drs. Moh. Abdullah Sigit yaiku mahasiswa RHS (Rechtshoogeschool, Sekolah Tinggi Hukum) kang njabat Ketua Organisasi "Jong Java" taun 1924 - 1925. Mengkone panjenengane dadi Ketua kapisan PPPI (Perhimpunan Pelajar-pelajar Indonesia), organisasi pemudha kapisan kang ora aciri suku bangsa, madeg wiwit taun 1926. Ing dalem memoare kang asesirah "Tentang Lahirnya Indonesia Muda" taun 1963, panjenengane ngendika mangkene:

"Saiki aku tak njlentrehake sawatara bab ngenani Gedung Nasional ing Gang Kenari, lan sawise iku minangka panutup aku tak nyatur maneh bab Perguruan Rakyat.

Ing dhuwur wis tak aturake, angel banget kanggone organisasi-organisasi politik kala semana antuk bale kanggo nganakake rapat umum, apa maneh kang gedhe.

Watara akir taun 1928 sedulur M.H. Thamrin lan Sartono nemoni aku arep njaluk tulung gawe gambar. Jare, sedulur M.H. Thamrin ing Gang Kenari kagungan lemah kang wis didegi los gedhe loro. Maune los mau siji dianggo omah jagal lan siji maneh ruang ngadhemake daging. Saiki salah sijine arep dipermak dadi gedung pertemuan kanggo rapat gedhen.

Mesthi bae panjaluk mau tak turuti, arepa wektu semana aku wis ora duwe perkakas gambar. Kanggo nggampangake panggarap aku njaluk bantu sedulur Mukarno kang uga teknikus -- kamase sedulur Mukarto, yaiku duta besar RI ing India saiki. Los siji maneh ora arep didadekake ruang rapat, nanging arep dikothak-kothak dadi sekolahan. Sedulur Sartono duwe niat arep masrahake sekolah kuwi marang Taman Siswa, nanging sedulur Mukarno lan aku ora sarujuk, amarga Perguruan Rakyat wektu semana babar pisan durung nduweni ruangan kelas. Sasuwene iku kita isih nyilih ruang sekolah Muhammadiyah ing Salemba. Malah Perguruan Rakyat babar pisan durung nduweni perkakas sekolahan kaya dene bangku, blabag, lsp. Sedulur Sartono kuwatir, awal ajaran anyar mengko kita durung bakal bisa migunakake gedhung sekolahan mau, mula sedulur Sartono nuntut janji kita kudu mbukak sekolahan mau.

Pancene ya kalebu nalar dene sedulur Sartono kuwatir. Nanging sedulur Mukarno lan aku mermak gedhung mau rak mung demi kepentingan Indonesia? Saupama ideologi sedulur Mangunsarkoro pimpinan TS cabang Jakarta wektu semana wis padha karo haluan PPPI, mesthine soale luwih gampang. Miturut panemu kita wektu semana, sedulur Mangunsarkoro isih klebu golongan federalis, lan haluan TS isih "Java-sentrisch" (mentingake kajawen).

Saka pehakku dhewe isih ana alasan siji maneh, yaiku sasuwene mergawe kanggo Gedung Nasional mau kerep banget aku nganti ora kober kuliyah. Bab kuwi disumurupi dening Prof. Schepper, lan Prof. Schepper sabanjure ngabari kamasku.

Ya amarga kabeh mau aku kepeksa nuntut "moreel recht" (hak moril), njaluk prioritas migunakake ruangan-ruangan sekolahan mau kanggo kaperluan PR kususe lan pergerakan nasional umume. Honor sing ditrima para mahasiswa saka PR malah ngukuhake tekade, selfhelp kuwi luwih luhur tinimbang beasiswa saka pamarentah kolonial."

Prof. Dr. Sutan Takdir Alisyahbana tokoh kang banget kawentar ing Indonesia, seda nalika ngancik yuswa 86 taun. Panjenengane kajaba guru, sastrawan, budayawan, ilmuwan, publisis, lan filsuf, uga plopor Yayasan Memajukan Ilmu dan Kebudayaan kang mengkone ngadegake Universitas Nasional ing Jakarta. Ing sajrone wawancara karo Perguruan Rakyat tanggal 20 Juni 1990 panjenengane ngendika kaya mangkene:

"Aku sesambungan karo Perguruan Rakyat nalikane Perkumpulan untuk Memajukan Ilmu dan Kebudayaan minangka Bagiane Pujangga Baru nganam kerjasama karo Perguruan mau.

Perkumpulan mau didegake nalika Pujangga Baru wiwit mekarake kiprahe saka tlatah sastra tumekaning trahe tlatah ilmu lan kabudayan. Ya perkumpulan iki kang mengkone mekar dadi Unas (Universitas Nasional).

Nalika Perguruan Rakyat isih manggon ing Gang Kenari lan mengkone pindhah Jalan Keramat, kerep wae kita nganakake pertemuan, pidhato, perayaan ing kono. Sok-sok aku dhewe ya mulang. Nanging kang pokok aku mung aweh ceramah, amerga wektu semana aku dhines ing Bale Pustaka.

Perguruan Rakyat wektu semana mujudake enggon sapatemone golongan intelek Indonesia kang padha-padha nyengkuyung gerakan kemerdekaan. Perguruan mau dadi pusate gerakan kabudayan, ilmu, sosial, lan uga pendhidhikan, destun nalikane Pamarentah Hindia Belanda nibakake gada gedhe marang gerakan politik ing Indonesia. Kaya kawuningan, sakiwa-tengene taun 1933 Pamarentah Hindia Belanda mbubarake Partindo lan mbuwang pemimpine (Ir. Sukarno). Nalikane PNI Baru kang dipandegani dening Moh. Hatta lan Syahrir didegake, partai anyar mau uga dibubarake lan para pemimpine dibuwang. Aku eling, Syahrir wektu semana mimpin pertemuan ing Perguruan Rakyat mau. Panjenengane duka banget dene PNI dibubarake dening Mr. Sartono. Ya amerga kuwi panjenengane ngedegake PNI Pendidikan. 

Ing Perguruan Rakyat kerep ngumpul kaum nasionalis lan radikal, akeh-akehe para mahasiswa anggota PPPI. Kang isih tak elingi antara liya Arnold Mononutu, Amir Syarifuddin, Moh. Yamin, Sumanggang, Wilopo, Suwiryo. Purbocaroko yen ora salah sok rawuh uga. Uga Maria Ulfah Santoso, Siti Sundari, Sundari, Sukanti -- adhike Sunario kang mengkone dhaup karo Suryocondro. Ya ing Perguruan Rakyat kuwi aku ketemu karo Sugiarti, wektu semana mergawe ing bibliolitik, lan mengkone dadi sisihanku.

Swasana Perguruan Rakyat wektu semana, yaiku swasana padha-padha percaya, amerga kabeh pancen niat berjuang kanggo kemajuan lan kemerdekaan bangsa. Kabeh bae nedya mbuktekake, pendhidhikan Indonesia bisa terus mlaku, arepa gerakan nasional diengkuk-engkuk dening Pamarentah Hindia Belanda. Kaum mahasiswa wektu semana semangate jan gedhe banget."

Katrangan Alisyahbana kuwi sabagean wis tau diucapake ing dalem wawancara karo majalah "Tempo" tanggal 10 Maret 1990, lan mengkone kapacak ing buku "Memoar; Senarai Kiprah Sejarah" taun 1993.

"Rapat-rapat Pujangga Baru kerep dianakake ing gedhung Perguruan Rakyat ora adoh saka jalan Kenanga. Akeh para mahasiswa kang mulang ing kono, kaya ta Suwiryo, Wilopo, Sumanang. Sawijining dina kita tau njaluk supaya Sujatmoko aweh ceramah. Pokoke, panggonan mau mujudake pusat kaum intelek ing Jakarta. Ya slaras karo swasana mau aku melu mekar."

Ora kleru maneh, kang dimaksudake Jalan Kenanga, yaiku Jalan Kenari, hla kang dimaksudake gedung Perguruan Rakyat yaiku Gedung Mohammad Husni Thamrin.

Tutie Sutari
Tutie Sutari, iku murid lan mengkone dadi guru "Perguruan Rakyat". Panjenengane wiwit sinau ing "Perguruan Rakyat" taun 1930. Ing memoare kang asesirah "Lebih dari Separuh Umurku Mengabdi di Perguruan Rakyat."

"Sekolahan Perguruan Rakyat ing Gang Kenari II mujudake gedhung biasa, ora nganggo emper ngarep, nanging mujudake gedhung paling apik ing dalan mau. Gedhunge mbujur mburi nganti tekan Kali Ciliwung. Pekarangan ngarepe amba, cukup kanggo dolanan lan olahragane para murid.

Gedhung mau kagungane Bapak Moh. Husni Thamrin, kang biasa dianggo rapat lan gebyakan. Gedhung mau dijenengake Gedhung Permufakatan Indonesia (GPI). Klas-klase jejer kiwa mbujur memburi. Ngarep tengen ana ruang cilik kanggo kantor administrasi sekolahan, ana tilpune barang. Antarane klas-klas lan kantor ana lawange gedhe kanggo mlebu menyang aula kang cukup kanggo 500 nganti 600 murid.

Ya aula mau kang sok dianggo rapat utawa gebyakan, lan ing wayah sekolah dianggo olahraga. Ing jeron aula ana panggung, lan sakiwane panggung ana panggonan kanggo musik. Ing wayah sekolah dadi enggon lenggahan para guru, sinambi istirahat utawa nunggu jam sinau. Mburi sekolahan ana pekarangan ciyut karo omah guru Perguruan Rakyat, Bapak Sabran asmane, kang mengkone dadi Administrator sekolahan. Uga ana kamar toilet. Mburine kuwi persis Kali Ciliwung.

Satengene gedung ana dalan kampung. Salah sawijining omah ing dalan mau disewa dening sekolahan kanggo sekolahan rakyat. Sakiwane gedhung ana dalan cilik kanggo mlebu klas. Ya kabeh iki mau gambarane sekolahan Perguruan Rakyat, Jalan Kenari II No. 15, nalika aku wiwit sekolah neng kana. Aku wis melu nyekseni suka-duka sekolahan iki. Guru-guru rawuh lan tindak maneh, umume mahasiswa Fakultas Kedokteran lan Hukum, kang saiki padha dadi piyayi gedhe, pemimpin rakyat, pejuang kemerdekaan."

SEDA ING STATUS TAHANAN 
Iku mau ilustrasi gedhung Mohammad Husni Thamrin ing Jakarta. Kanggo ngompliti, kita pacak cuplikan saka surat kabar "Pos Kota" tanggal 30 Juli 1994. "Ing jaman semana gedhung iki dipigunakake dening M.H. Thamrin minangka basis perjuangan nglawan penajajah Landa. Lemah mau dipundhut dening M.H. Thamrin minangka basis perjuangan nglawan Landa. Lemah mau dipundhut dening M.H. Thamrin saka wong Landa, banjur didegi gedhung kang ora nate dilenggahi dhewe."

Mohammad Husni Thamrin seda taun 1941 mawa status tahanan rumah. Pulisi Landa nemokake surat isi kritik tajem marang Pamarentah Landa ing daleme. Ana panduga, Pamarentah Hindia Belanda ngira Thamrin simpati karo Jepang kang wektu semana wis ancang-ancang arep nggepuk Hindia Belanda. Ana maneh kang kandha, sedane Thamrin misterius.

Tugase para ahli sejarah lan ahli-ahli liyane yaiku ngulik perkara kang isih peteng mau. Lelabuhane Mohammad Husni Thamrin ing babagan perjuangan kemerdekaan kuwi ora mung apa wae kang wis diweruhi bebrayan nganti saiki, lan ora mung minangka tokoh kang nate masrahake gedhung kanggo sarana perjuangan.

Mula bener apa kang dingendikakake Ny. Dee Zubaidah binti M.H. Thamrin nalika masrahake gedhung mau marang Pemda DKI: "Saya dari ahli waris ikhlas menyerahkan ini kepada Pemda DKI. Saya berharap gedung ini digunakan Pemda DKI untuk kepentingan rakyat."


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...