Geseng Entok

Geseng Entok

dening: Cherlya Avrizhani Waffirah - SMPN 1 Singojuruh



Radit lan Doni kekancan raket wiwit SMP. Dheweke padha seneng nggawe video review panganan khas kutha Banyuwangi. Sawijine dina Radit  nduwe idhe review panganan khas Desa Wijenan Kidul, yaiku Geseng Entok. Radit ngajak Doni kanggo nggawe vidheo review iku. Radit yo enggal-enggal neng omahe Doni arep ngejak budhal neng Desa Wijenan Kidul. Ing tengah dalan Radit mbukak aplikasi Google Maps arep nggoleki alamat wong sing nggawe Geseng Menthok kuwi. Ndilalah ya ketemu karo Mbok Dewor, sing nduwe warung Geseng Enthok iku. Dheweke ya padha pesen rong piring Geseng Entok karo rong cangkir es teh.

Sawise maemane wis metu terus Radit moto amarga arep dilebokake neng Instagram. Mbasan wes rampung moto dheweke mangkat nggawe vidheo review, nalika nggawe vidheo hpne Radit muni amarga enek notifikasi saka Instagram. Doni krasa ora penak amarga hpne Radit kok muni terus. Doni ngomongi hpne kon mateni dhisik ben ora ngganggu,”Dit, coba hpmu dipateni sik ben ora ngganggu”, nalika Radit arep nutup hpne kok akeh pitakonan saka followers Instagram “panganan apa iku?, saka ngendi asale?, kaya apa rasane?”. Terus Radit menehi weruh Doni babagan masalah iki.

Sanalika kuwi Radit karo Doni nelangsa amarga kok padha ora ngerti karo masakan khas Banyuwangi. Akhire Radit karo Doni mutusake kerja bareng karo Mbok Dewor kanggo mbantu ningkatake penghasilane warung Mbok Dewor lan ben padha ngerti karo Geseng Entok. Dheweke miwiti wawancara Mbok Dhewor babagan asal usule Geseng Entok lan liya-liyane karo ngevidheo warunge Mbok Dewor. Sawise iku vidheone diposting karo Radit lan Doni neng Tik Tok. Ora suwe vidheone langsung sumebar, saiki warung Mbok Dewor dadi rame lan kabeh padha ngerti yen ana masakan jenenge Geseng Entok saka Desa Wijenan Kidul.

Banyuwangi, 18 Mei 2023



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...