Gunung Gundhul

Gunung Gundhul

dening: Arilia Indra. T.

Ketiga wingi
Nyawang gunung ketok pandhang
Tunggak kopi lan kakao
Nyuguhake crita yen biyen tau ijo royo-royo
Jamur luwas ono ing tumpukan pang garing
Pathing slengkrah kari sisa ora nggenah
Es degan ngisor ringin pinggir dalan
Seger tamba ngelak sak gebyaran Esem mbalik pait weruh gunung sepi wit

Udan iki malih rame ora koyo biasane
Deres wiwit sore ora ana mandhege
Kali mbludag gedhe nggawa godhong kayu lan lumpur
Omah keli sapi lan wedhus ana sing mati
Kabeh cluluk yen ono bencana Sing ngunggah berita rumangsa berjasa

Sadhara....
Aksi peduli lan donasi dudu solusi
Akehe sumbangan lan pos sing ana
Ora bakal bisa ngendheg bencana sing bakal teka
Program reboisasi yen mung prosesi yo ngapusi
Gunung ijo ora mung adem lan enak disawang
Ngatur banyu supaya gelem antri Nyemplung neng kali kuwi sing mesthi

Banyuwangi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...