Guruku

Guruku

dening: Meyda Larasati

Guruku... Oh guruku...
Matur nuwun kanggo guruku
Panjenengan sampun mulang kula kathah ilmu
Senajan Panjenengan duka marang kula
Nanging Panjenengan tetep nuntun kula sinau

Guruku...
Panjenengan sampun paring warni dhateng dinten-dinten kula
Panjenengan minangka tiyang sepuh kula
Tiyang sepuh angka kalih sarampungipun bapak lan ibu
Saking Panjenengan kula pikantuk kathah ilmu

Guruku...
Pahlawanku...
Pahlawan tanpa tandha jasa
Ingkang tansah nuntun kula
Kangge nggayuh tujuan lan cita-cita kula

Muncar, Mei 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...