Interlude
dening: Amien Wangsitalaja
Mrenea, dhik, nyawang bebarengan,
iki uwit, ditegor wiwit esuk
tipak kampak isih nyisihake swara
kanepson
ing galur umuring pang
ana kabar
ing sunaring srengenge temiba
mring inti kau
ana usapan kwas gegambaran katrisnan
nganggo tinta awarna
abang soklat ireng banyu prawan
Iki dudu amung lelagon kisahing
maryam
kang nangis ing sak ngisore wit kurma
iki temen bab kang sak lawase
dadi padudon
Aja banjur nangis, dhik
ora ana salahe uwit mau weweh weruh
aku ngerti sapa sing negor dheweke
wiwit esuk kajumawaning dhiri kita
aku ngerti saka ngendi tukang gambar
golek tinta luhing tangis kita
Mula, aja banjur nangis, dhik
sanajan mripat kita saya perih
nyianaoni pepiling
saya sipit, nanging sawangen
saya manis parupan kita
hla kae, tangga teparo padha ngiri
mring kaseksen kita
Yogyakarta, Juli 1997
Tidak ada komentar:
Posting Komentar