Kembangku Alum Ketiban Pempes

Kembangku Alum Ketiban Pempes

dening: Brendha Zahara - SMPN 1 Siliragung


Dina Jemuwah aku melu kegiatan Sekolah Asuh Sungai. Kegiatan iki kumpul ing kali sekitar daerah sekolahan kanggo ngresiki kali bareng-bareng. Aku semangat banget melu kegiatan iki krana ana sing tak angen-angen. Amerga jarak kali saka sekolahan cedhak, aku karo kanca cedhakku jenenge Keyla budhal ing kali mlaku bareng. Sakdawane mlaku aku ngarep-arep ketemu arek sing tak senengi, jenenge Abi, bocahe nggantheng, dhuwur lan mbeneh. Aku kelingan kadadean dhekwingi nalika aku ing ngarep Kopsis dhewean lungguh ing ngisor wit motoa.

Mara-mara Abi nyedhaki aku lan takon
Abi     : "Heh, ulangan matematikamu dhekwingi oleh pira?" pitakone Abi karo nggawa roti lan mesam-mesem.

Aku    : "Aku oleh 92." Sautku karo ndredheg amerga ditakoni dening bocah sing taksenengi. Atiku dhag-dhig-dhug-serr. Mara-mara Abi lungguh ing sandhingku menehi aku roti. Krana saking bungahe atiku eling kadadean dhekwingi, ehh ora krasa wis tekan kali. Aku langsung nggoleki bocah sing taksenengi mau. Wira-wiri ngalor ngidul ngetan ngulon tetep ora ketemu.

Akhire resik-resik diwiwiti. Pas aku nglebokake sampah ing njero karung, mak tepek ing gegerku. Tak toleh jebul Keyla ngantem aku nganggo sampah. Pikirku Keyla mung guyon, Keyla ganti tak antem nganggo botol. Saking serune antem-anteman aku karo Keyla uber-uberan karo uncal-uncalan sampah sing wayahe dikumpulake ing karung. Aku cekakakan nganti seneb amerga guyon iki mau. Tak rasa-rasa kok tambah nemen guyone Keyla. Saking pegele krana kenemenen guyone, aku nyandhak pempes sing ana ing sandhingku lan tak uncalke neng Keyla, mak tlepekk, eeladalah, ora ngeneki Keyla malah ngeneki bocah sing ketmau takgoleki. Aku getun banget amerga guyon kenemenen lan mbatin mosok kembang sing wiwit mekar kepeksa alum ketiban pempes sing salah sasaran? Aku ndhingkluk ora wani nyawang areke.

Banyuwangi, 16 Mei 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...