Tembang Kinanthi
Kinanthi (ꦏꦶꦤꦟ꧀ꦛꦶ) tegese ngudang, gegandhengan, utawa kekancan. Ing metafora Jawa, Kinanthi digambarake minangka wong tuwa (bapak lan ibu) kang sumringah samarine ngematake anake kang mari lair saiki wis ngancik umur-umur rumaja (kang ditengeri lumantar akil balig lan tuwuhe rasa tresna marang lawan jinis). Mula saka kuwi, Kinanthi nggambarake angen-angen wong tuwa supaya anake dadi manungsa kang ngabekti marang wong tuwa, suku, bangsa, negara, lan agamane.
Paugerane tembang Kinanthi yaiku:
Guru gatra 6, guru wilangan 8,8,8,8,8,8, guru lagu u,i,a,i,a,i.
Tuladha tembang Kinanthi:
Sanajan to nora milu
Pasthi wruh solahing maling
Kaya mangkono sabarang
Panggawe ala puniki
Sok weruha nuli bisa
Yeku panuntuning eblis
Kagyat risang kapirangu
Rinangkul kinempi-kempit
Duh sang retnaning bawana
Ya ki tukang walang ati
Ya ki tukang ngenes ing tyas
Ya ki tukang kudu gering
Kabeh gudu nuntut ilmu
Kanggo pedomane urip
Nang doyo lan neng akhirat
Dene ilmu dipahami
Mula akeh keuntungan
Lan ketentreman urip
Cirita pan wus kakaku
Panggawe ala lan becik
Tidak bener lan kang ora
Kalebu jero cariteki
Mulane aran carita
Kabeh-kabeh den kaweruhi
Marma den teberikulup
Angulah lantiping ati
Rina weng den anedya
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supaya dadya utami
Sapa sira sapa ingsun
Angalunyat sarta edir
Iku lalabete uga
Nonoman adoh wong becik
Emoh angrungu carita
Cerita ala kang becik
Lan wong anom-anom iku
Kang kanggo ing mangsa iki
Adhap-asor dipun simpar
Umbag gumunggung ing dhiri
Obral umuk kang den gulang
Kumenthus lawan kumaki
Penggawe becik puniku
Gampang yen den wus lakoni
Angel yen durung kalakyan
Arasa – arasen nglakoni
Tur iku den lakonana
Mupangati badaneki
Senajan ta nora milu
Pasthi weroh solahing maling
Kaya mangkunu sabarang
Penggawe ala puniki
Sok weruho nuli bisa
Yeku panutuning eblis
Nadyan asor wijilipun
Yen kalakuane becik
Utawa sugih carita
Caraita kang dadi misil
Iku pantes raketana
Darapin mundhak kang budi
Yen wong anom pan wes tamu
Manut marang kang ngadhepi
Yen kang ngadhep akeh bangsat
Datan wurung bisa juti
Yen kang ngadhep keh durjana
Nora wurung bisa maling
Yen wis tinitah wonga agung
Aja sira nggunggung dhiri
Aja lekat lan wong ala
Kang ala lakunireki
Nora wurung ngajak-ajak
Satemah anunu lari
Ayo podo golek ilmu
Ilmu kwi nomer siji
Ing donyo benora rekasa
Ojo lali marang gusti
Bendikeki kemudahan
Lan dikeki dalan apik
Pangasahe sepi samun
Aywa esah ing salami
Samangsa wis kawistara
Lalandhepe mingis-mingis
Pasah wukir reksamuka
Kekas srabedaning budi
Pada elinga satuhu
Mring Gusti duh kita sami
Kang paring nikmat lan gesang
Aja nganti kito lali
Aja seneng laku cidra
Gusti sugih aksami
Mangka kanthing tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam
Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsara
Yoiku pangreksaning urpi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar