Layangan
dening: Turiyo Ragilputra
Layangan kertas, layangan plastik, layangan
sing kumitir jroning pikiran
o, mitraku
apa entuk atimu dakjaluk
dakulur dawa dadi uluran?
Layangan, layangane gegebengan
dakundha kareben mumbul tekan rembulan
Ambal Kebumen, Juli 1997
Tidak ada komentar:
Posting Komentar