Liburan Sekolah

Liburan Sekolah

dening: Ahmad Daniel Agsa - SMPN 4 Genteng


Minggu wingi aku oleh hadiah  amarga juwara 2 ing sekolah. Liburan sekolah aku ditanggapne jaranan ing omahku. Kahanane seru banget. Ibuku  nanggapke jaranan  sing biasa keliling ing ndalan. Omahku dadi rame amarga akeh tangga teparo lan kanca-kancaku sing melu ndelok. Saliyane kuwi akeh wong dodolan seng teka kaya ta bakul cilok, bakul es thung-thung, lan bakul dolanan. Omahku rame banget kaya pasar.

Saliyane iku ing dina Minggu aku diajak nonton rituwal Seblang ing Desa Olehsari. Rituwal Seblang tradhisi kang digelar warga kanggo kebersihan desa lan tolak bala. Tari Seblang penarine dipilih marang tetuwa utawa dhukun saka Desa Olehsari. Tarian Seblang penarine wanita seng durung akil baliq. Digelarake suwene pitung dina. Upacara iki rame banget dadi aset wisata ing Desa Olehsari. Wayah sadurunge maghrib aku balik. Satekane ing omah, aku kaget lan seneng banget jebul aku wis dipundhutne sepeda seng takpingini. Bar sholat maghrib aku langsung njupuk sepeda banjur tak tumpaki karo ngebut. Saking senenge, aku ora ndeleng dalan jebule ing ngarepku ana dalan sing rusak lan aku tiba ndlosor ing tengah ndalan. Wondene sepedaku nyemplung ing got.

Aku wedi banget, aku langsung nyuwun tulung Pak Totok tanggaku. Pedahku wis digawa dibenakne ing bengkel. Sepedahe wes dibenakne, aku langsung mulih. Tekan omah aku meneng wae ora wani crita karo ibuku. Sepadaku langsung tak deleh ing garasi lan tak tutupi karo jaketku supaya ora ketok lecete. Nalika bapak arep ndeleh jaketku, aku matur yen jaketku kotor supaya ora dijupuk bapak. Alhamdulillah aman pikirku. Ora ana wong sing weruh sepedaku rusak. Tangi-tangi, magrib le, ibukku gelus gegerku. Kriyip-kriyip tak bukak mripitku saka kadohan krungu swara adzan.

Banyuwangi, 17 Mei 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...