Malem Kemislegen

Malem Kemislegen

dening: Suryanto Sastriatmojo

Iki malem Kemislegen, natkala sawang-sawangan kepangguh
Aku memet anggoleki bloknut isi wawancara
Ingdalem tugas juruwarta
Alam lan bumi bajang karacut
Manuk dalanan sing luru pangan

Malem desa-ngadesa linempuh
Parikan lejem tuwin ginem anteng
Satuhu golek ijowan karep
Gumonling ing sumur srumbungan

Yakuwi malem Kemislegen wus adoh saka ngantuk lan lutuk
Mamring patemon dumadi saloring Pathuk
Mamrih tembang pasuketan neng ara-ara zinah
Ngarah tembung panganti sing isih pentil
Ngglandhang playune ambung kapilarung

Nguja tumanjane malem Kemislegen neng pondhok tingal
Ajue laras lan aras
Mingser ngetan lan sedhela-engkas ngulon
Angger rawuhmu dadi isarat ketemu
Sinambi kala-kala marsudi
Tumangkare udi, uni tuwin ugemi

Ingendi malem Kemislegen pinarahan tegal lelaten
Dudu sawah pusa sing lumpure ngudubilah
Dene para sanak akeh sing kapiran
Ngunggahi panemu dalasan wawasan jaman
Jam rolas kurang seprapat, ana dhayoh adoh
Mbukak pituwase sang juruwarta

Ngemonah malem Kemislegen dadi urek-urekan mangsi
Tumekaning radhio lan televisi ngoyak tata-kendhali
Ning manah kang tuwajuh panggah kebenthus lawang
Kandheng ing dhokumen pesing katrocohan udan esuk
Dhuh, ibune thole, mumpung dina durung kesuk
Kene jiwa bakal nyrumbung, kene laku bakal nyerung
Pralampita gotrah sing diencup dening jasat sajatos
Kongsi ngakir jaman.

Nagasari, akir taun 1996

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...