Malem ReboWage
dening: Irul S. Budianto
ora susah pengin ngrangkul rembulan
bengi iki dheweke nembe diincer kalarahu
peteng sing wis kebacut jejigaran
ora-orane bakal ngendheng laku, njereng saru-siku
becik wektu iki kanggo tetirah
ngudhari jiwa kang sayah
mbundheli aluamah
ing plataran prawan sunthi pinjungan
ngadhep kiblat nilingake wiramane ambegan
saka akasa banjur keprungu swara:
“Ora salah kowe tugur anoraga
ngipatake sakehe sukerta lan memala”.
Donohudan, 2015
Tidak ada komentar:
Posting Komentar