Mamring
dening: Jefriyanto
Keprungu maneh swara angin
sadawaning dedalanan iki
Keprungu maneh sonyaruri kang mekarsari
sangangsare ruh lan napas iki
sira apa pancen ana ing kene?
pitakonan iku kumelun
nalika jangkah-jangkah anapak
kanthi suwe
apa sira ana ing riki telenging dhiri kang kinemulan
puja lan santi
tuh
tuhu tinuhu
tuhu tuhu
tuhuning tuhu
sira isih anggelar laladan
dene aku nyuntak panyembahan
sira manyungging asmara
aku setya sungawira ing umbara
lah
lahalla halahala
lahala lahala
keprungu maneh wiramaning sepi
nalika sira medhar kahananing dhiri
nalika ika iku iki sung suwicara
siji
siji sidi siji sidi
sidi sidi sidi
sidi siji
Baturraden, 2017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar