Marang Sapa Aku Njaluk Tulung?
dening: Brendha Zahara
Marang sapa aku njaluk tulung
paketan entek nemu wifi tandha penthung
wong liwat rame ora ana sing nggape
merga ora ngerti panggon lan paswedte
apdet status butuh tumpangan, ngongkon langganan
ngirimi es lan panganan wae ora ketekan
owh kaca maya, kowe sing tak puja tak anggep kanca
pranyata jahat lan mentalan
ora ana kalonggaran kanggo korat-koret sambungan internet
Tak buka amba lawang cendhela aku ngerti akeh tangga
ora ana siji-sijiya sing welas menehi
otentifikasi apa maneh notifikasi kanggo bahan miwiti koneksi
Ing pojok dalan kana kae ana
omah cilik prasaja latare amba pagere dawa
aku ora yakin isa mlebu lan ditampa
nothog lawang uluk salam wae aku ora isa
apa maneh crita lan oleh jawaban
marang sapa aku njaluk tulung?
Banyuwangi, 16 Mei 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar