Marina
dening: Bela Safira
Dalan aspal kang kaya ora ana enteke, dak pecaki kanggo nggoleki sliramu
Wedhimu semebar alus ngelus kulitku, nalika aku wiwit wani nyedhak wates gisikmu
Semilir angina ngampiri kupingku, ngrayu…
Sajak ngajak mripatku nggatekake endahing gelitaning gisik kang kasempyok banyu
Aku kesengsem ngematake egal-egole ombak kang mapag tekaku
Dak rikatake lakuku,
Nyuntakake kangenku lelumban ing beninge banyumu
Byuuuur…..
Seger rasa sakranduning ragaku
Anyes... sumulusup sela-selaning kalbu
Lara lunga..., tamba teka... 3x
Ilang sakalir lelara...
Dak ambali bola-bali slulup mbarengi alun kang alus nelesi ragaku
Dak eremake mripatku, ngematake saben sempyokan ombak sing kemrecek dolanan watu
Ana rasa ayem..., tentrem lan marem...
Marina...
Tetepa mesem ayu, sepaya kapang iku ora layu kentir ing wektu
Aku bakal nemoni awakmu ing pinggire gisikmu kang biru
Banuyuwangi, 25 April 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar