Tembang Megatruh
Megatruh (ꦩꦼꦒꦠꦿꦸꦃ) asale saka tembung pegat lan ruh. Pegat tegese pedhot, tamat, pisah. Dene ruh tegese roh utawa nyawa. Ing sajrone Serat Purwaukara, Megatruh diwenehi teges “mbucalaken sarwa ala” (mbuwang samubarang kang ala).
Pegat ana sambungane karo peget kang tegese istana; pameget utawa pamegat kang tegese jabatan; lan samgat utawa samget artine jabatan ahli utawa guru agama. Mulane, Megatruh tegese wong kang ahli ing kebatinan kang mesthi ngadohi tumindak ala miturut kapitayan Bali-Hindhu.
Sawetara kuwi, ing pamawas Jawa-Islam, Megatruh sawijining gegambaran pedhote roh saka raga kang sabanjure bakal nglakoni kauripan sabanjure, yaiku roh bakal ngleboni alam barzakh (alam kanggone wong kang nduweni amalan biyasa), alam mulkiyah (alam kanggo wong kang nduweni amalan saleh marang Gusti lan Rasul), utawa alam nur (alame para Nabi lan Rasul).
Paugerane tembang Megatruh yaiku:
Guru gatra 5, guru wilangan 12,8,8,8,8, guru lagu u,i,u,i,o.
Tuladhane tembang Megatruh:
Nora kena sinelak selak pineluk
Mringkang ngadhang adhang sisip
Yen lara anggepi reku
Temah kether maring ngening
Adoh kaelet tan adhoh
Dhuh dhuh Dewa Bathara ingkang linuhungMugi paringa aksamiMring dasih kang wlas ayunKasangsaya gung prihatinSru nalangsa jroning batos
Puluh puluh wus begjane awak ingsun
Kudu pisah yayah wibi
Tan langgeng den mong wong sepuh
Baya wus karsaning Widhi
Pinasthi dhewe wak ing ngong
Yen woh-wohan enak mentah iku timusEnak mateng iku kweniManggis enak blibaripunPalem enak mateng atiSalah enak rada bosok
Dhuh Gusti ku Sri Rama kang hambeg sadu
Patik bra hatur hudani
Kalamun kusumaningrum
Dyah Sinta sinaut wani
Dening Ngalengka sang katong
Kangwas kitha mangsa kena kaliruSuwanda-suwanda yektiSasra bau sasra bauYen lagi kinarya silihYekti lang sipating loro
Kacarita kyana patih dhendhabahu
Pan sarwia teken encis
Amenggang gesar wawulung
Apindha jakir nagari
Yen ka anggul janma menggok
Aywa kliru kang jeneng urip ikuYa kang gumelar neng bumiSing bisa branahan ikuRun tumurun ing salamiTetuwuhan kewan janma
Sigra milir sang gethek si nangga bajul
Kawan dasa kang njageni
Ing ngarsamiwah ing pungkur
Tanapi ing kanan kering
Sang gethek lampahnya alon
Nalikane mripat iki wis ketutupNana sing bisa nulungiKajaba laku kang luhurKang ditampi marang GustiAja ngibadah kang awon
Kabeh iku mung manungsa kang pinujul
Marga duwe lahir batin
Jroning urip iku mau
Isi ati klawan budi
Iku pirantine ewong
Nuli clathu amit sadaya priyantunKula parenga nyelakiBadhe tumut urun rembugSukur saged anjampeniWong-wong sing weruh malenggong
Kawulane kabeh nyedhak padha ngrubung
Ngupakara marang Gusti
Kocap ana uwong maju
Amiyak para prajurit
Bareng ketok uwong wedok
Jeng Pangeran dipikul ana ing tandhuNanging pijer ora elingSawise adoh lan mungsuhLan wis ora nguwatiriPadha leren alon-alon
Karo dhawuh sadalan-sadalan anempuh
Omah-omah diobongi
Uwonge padha kon teluk
Yen lumuh njur dirampungi
Kabehe uwis kalakon
Aja sipat tan pegat siyang myang daluAmuwun ing ngarsa mamiNora pajar kang kinayunLah mara sira den aglisTutura mringjeneng ingong
Hawya pegat ngudiya ronging budyayu
Margane suka basuki
Dimen luwar kang kinayun
Kalising panggawe sisip
Ingkang taberi prihatos
Ulatna kang nganti bisane kepangguhGaledhahen kang sayektiTalitinen awya kleruLarasen sajroning atiTumanggap dimen tumanggon
Pamanggone aneng pangesthi rahayu
Angayomi ing tyas wening
Eninging ati kang suwung
Nanging sejatineng isi
Isine cipta sayektos
Lakonana klawan sabaraning kalbuLamun obah niniwasiKasusupan setan gundhulAmbebidung nggawa kendhiIsine rupiah kethon
Lamun nganti korup mring panggawe dudu
Dadi panggonaning iblis
Mlebu mring alam pakewuh
Ewuh mring pananing ati
Temah wuru kabesturon
Tidak ada komentar:
Posting Komentar