Tembang Mijil
Mijil (ꦩꦶꦗꦶꦭ꧀) asale saka tembung wijil (winih). Mijil nduweni teges winih kang kababar. Ing kabudayan Jawa, mijil yaiku gegambaran bayi kang metu saka rahim ibune tumuju alam donya kang jembar. Winih sing metu mau bakale dadi kauripan kang wiguna, yaiku fase saka kang ora ana, banjur dianakake, saengga dilairake, minangka wujud anugrahing Pengeran kang agung.
Miturut filosofi Jawa-Islam, wijil uga diartekake minangka lawang/gerbang dicathete pahalane manungsa kang perlu dirumat wiwit saka bocah nganti diwasa lan siyap nglakoni kauripan kang sejati.
Paugerane tembang Mijil yaiku:
Guru gatra cacahe 6, guru wilangan 10,6,10,10,6,6, guru lagu i,o,e,i,i,o.
Tuladha tembang Mijil:
Wulang estri kang wus palakrami,
Lamun pinitados,
Amengkoni mring balewismane,
Among putra marusentanabdi,
Den angati-ati,
Ing sadurungipun.
Madya ratri kentarnya mangikis,
Sira Sang lir sinom,
Saking taman miyos butulane,
Datan wonten cethine udani,
Lampahe lestari,
Wus ngambah marga Gung.
Angenglengi lelangening langit,
wulan meh mangulon,
lir nganglangi buwana langene,
kalong kalang agolong tumiling,
lir kadya sung peling,
samar dalu dalu.
Kyeh kadulu lelangening latri,
kang trenggana abyor,
ing gegana ambabar sekare,
lintang wuluh renyep-renyep kadi,
remengga asrining,
seneke kang gelung.
Geter pater dhedhet herawati,
kilat thathit mawor,
obar-abir ambabar pinggire,
kelap-kelap kelamban belani,
lelidhah lumindhih,
Sang Kusuma ngadhuh.
Dene lelidhah lidhudhah sedhih,
kelabe tan adoh,
laraping kilat singga angawe,
obar-abir ambabar ing pinggir,
lir kadya ngobori,
mring kang lampah dalu.
Kumpang-kumpan rame pinggir margi,
lir sabdanig kayon,
rerep angresbarungan walang krek,
singga mudada ingkang lumaris,
beluk miwah kolik,
kadya celuk-celuk.
Kongkang ngungkung jroning jurang terbis,
barung canggeret nong,
lir pradangga barungan arame,
puyuh meluh saingga nyalahi,
pepelung melingi,
melung lir anulung.
Lawa-lawa maliweran kadi,
ngaweran kang lolos,
pecruk kacer angleper ibere,
saking wuri tumutur nglancangi,
ing ngarsa sang dewi,
lir tuduh marga gung.
Rangu-rangu risang kadi Ratih,
pan sarwi amirong,
rasa-rasa tumindak lampahe,
kang kudhasih munya ngasih-asih,
pangangsahe kadi,
tangisireng dalu.
Bang-bang wetan wayahe kang wengi,
mrebabak sumorot,
angenani Sang ayu citrane,
teturutan lir wastra maceti,
singga pangadhanging,
kang pinaran ing kung.
Poma kaki padha dipuneling,
Ing pitutur ingong,
Sira uga satriya arane,
Kudu anteng jatmika ing budi,
Ruruh sarta wasis,
Samubarang ipun.
Lan den nedya prawira ing batin,
Nanging aja katon,
Sasabana yen durung mangsane,
Kekendelan aja wani mingkis,
Wiweka ing batin,
den samar den semu.
Lan densami mantep maring becik,
lan ta wekas ingong,
aja kurang iya panrimane,
yen wus tinitah maring Hyang Widhi,
ing badan puniki,
wus papancenipun.
Ana wong narima wus titahing,
Hyang pan dadi awon,
lan ana wong tan nrima titahe,
ing wekasan iku dadi becik,
kawruhana ugi,
aja salang surup.
Yen wong bodho kang tan nedya ugi,
tatakon titiron,
anarima ing titah bodhone,
iku wong narima nora becik,
dene ingkang becik,
wong narima iku.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar