Molly Bondan: Penulis Pidhato Politik Presiden Soekarno

Molly Bondan: Penulis Pidhato Politik Presiden Soekarno

dening: Kompas



Asline jenenge Molly Warner, kelairan Auckland, Selandia Baru 9 Januari 1912. Molly keturunan Inggris sing melu imigrasi menyang Australia banjur manggon ing Sydney. Wiwit cilik wis kenal jeneng Indonesia, candhi Borobudur, crita wayang, seni bathik lan ilmu mistik sarta simbolisme Jawa. Umur 15 taun wis melu paguyuban theosofi merga ketarik karo babagan mau.

Tahun 1944 wong asal Indonesia ewon cacahe sing dadi tahanan politik ing Tanah Merah, Digul, Irian, dislametake dening kolonialis Walanda, disekap ing kamp konsentrasi Corwa, New South Wales, Australia. Molly ketarik banget karo nasibe para tawanan mau. Dheweke banjur melu adeg Australia-Indonesia Association, mbiyantu Central Komite Indonesia Merdeka lan sregep ngrungokake pawarta radio bab kemerdekaan Indonesia. Nalika iku Molly ketemu lan jatuh cinta karo Mohammad Bondan, pejuang Indonesia sing keplantrang tekan Australia. Banjur nikah taun 1946, pinaringan momongan lanang dijenengake Alit Bondan. Bayi isih abang mau dijak mulih menyang Indonesia. Tekan Indonesia Molly lan Bondan nggabung karo kanca-kanca pejuang ing Indonesia. Bondan dadi pegawa Kantor Kementerian Perburuhan, Molly dadi penyiar RRI Yogyakarta ing acara The Voice of Free Indonesia. Minangka warga keturunan manca sing melu berjuang ing Indonesia, Molly akeh tepung karo para pemimpin lan pejuang bangsa. Dheweke banjur dadi pegawe Kementerian Penerangan, terus ngalih ing Kementerian Luar Negeri, dadi guru Basa Inggris tumrap para diplomat Indonesia nalika ana Konferensi Asia Afrika taun 1955. Nalika iku Molly bebarengan petugas liyane wong telu yaiku Tom, Renee Atkinson lan Herb Feith. Sawise petugas liyane padha mulih bali menyang Inggris, Molly diangkat dadi penyusun pidato bahasa Inggris Presiden Soekarno. Nalika iku Bung Karno mangsa jaya-jayane, mligine ing babagan mekarake kawicaksanane Bung Karno ngenani politik luar negeri, wiwit jaman nyawijine kekuatan Asia Afrika nganti laire gagasan The New Emerging Forces.

Saka nyusun pidhato To Build The World Anew ing ngarep sidang umum PBB nganti jaman konfrontasi karo Malaysia. Miturut Molly, carane Presiden Soekarno pidhato kaya dhalang sing lagi crita, gamblang, diselingi humor lan nggambarake swasana sing warna-warni ora mboseni. Bung Karno kerep mbolan-mbaleni ukarane murih sing ngrungokake ngerti tenan.

"Kaya mengkono iku Bung Karno yen pidhato, ya mengkono iku Bung Karno yen nulis," kandhane Molly Bondan. Bung Karno trampil banget ngrumusake pikiran lan ngandhakake gagasane. Kabeh rancangan pidhato mesthi dirembug luwih dhisik karo kabinete. Mengkono critane Molly Bondan ngenani Bung Karno.

Molly tilar donya 6 Januari 1990 ing Indonesia, telung dina sadurunge ulang taun kalairane. Senajan dudu pribumi, nanging Molly melu berjuang lan rumangsa wis dadi rakyat Indonesia.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...