Mung Wong Dosa
dening: Sifa Citra Wulandari
Ing ara-ara saman ing wayah wengi
Kanthi swasana wengi kang sepi
Aku nyebarake selembar kain beludru ijo Kanggo berubekti marang pangripta
Ing wayah wengi kang petheng ndhedhet
Awak iki tumungkul alum
Nyuwun pangapunten saka klamben dosa Teko dosa kang ora kaitung akehe
Sujud ing siti kanthi khidmat
Nyerah ing pasrah ringkih
Driji iki njoget ing kaluhuran
Mengrep ridho-Mu ing galur donga
Selembar kain bludru ijo kang kagelar ing pojok bangsal
Meneng-meneng dadi saksi bisu
Meneng-meneng dadi saksi wuta
Saka puluhan, atusan uga ewonan donga kang kaucap lirih sendu
Kaangkat kaloro tanganku, bukti kaluhuran-Mu
Kula nyuwun pangapunten marang ingkang Maha Kuasa
Wis akeh dosa kang katumpuk ing pundhak iki
Ngarepake pangapura saka kang Akarya Jagad
Banuyuwangi, 25 April 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar