Osing, Iku Sukuku
dening: Eka Maulidya. P. - SMPN 3 Rogojampi
Suku Osing Banyuwangi minangka pendhukung budaya pancen percaya marang mitos-mitos kang ana gegayutane karo eksistensine. Kapercayan kasebut diwujudake ing macem-macem ritual budaya kayata Tradhisi Tumpeng Sewu, ritual Tari Seblang, tradhisi Ider Bumi utawi Barong Ider Bumi. Tradhisi iki minangka salah sawijining ritual taunan Suku Osing ing Kecamatan Galagah, Kabupaten Banyuwangi. Bapak lan emak asli Medura, nanging kula lair nong Banyuwangi.
Minangka wujud rasa sokur marang kaslametane waktu kula lair, emak kepingin mbuang sial lan selametan tolak bala, Wulan Syawal marine upacara Ider Bumi uga tradhisi Barong Ider Bumi Aku digawa Bapak menyang Dayang Dusun Kemiren, yaiku Simbah Cili.
Mitos iki wis ditampa lan digunakake minangka cara urip. Nggelar kloso lan mbuka panganan pecel pithik khas Banyuwangi. Sesepuh adat mimping dunga. Mara kula ndeleng wong sepuh medhal dugi wingkinge lawang. Ngawe-ngawe teng kula. Kula mara. Sirah disemprong keroso adem. Pecel pitik milu tumplek, krana emak kaget, kula mlaku mboten ngidek lemah. “le, kowe wes tak tompo dadi putuku.”. Ucape mbah Buyut Cili ambi merenges ngguyu.
Banyuwangi, 13 Mei 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar