Pangkur

Tembang Pangkur



Pangkur (ꦥꦁꦏꦸꦂ) tegese buntut. Pangkur uga ana sambung rakete karo tembung mungkur kang tegese membureni utawa ninggalake, amerga ing filosofi Jawa ana kalane manungsa kuwi kudu ninggalake sakabehane hawane donya utawa tindak-tanduk kang ora diremeni dening Gusti Pengeran.


Paugerane tembang Pangkur yaiku:
Guru gatra 7, guru wilangan 8,11,8,7,12,8,8, guru lagu a,i,u,a,u,a,i.

Tuladhane tembang Pangkur:
Mangkono ilmu kang nyata
Sanyatane mung we reseping ati
Bungah ingaran cubluk
Sukeng tyas yen den ina
Nora kaya si punggung anggung gumunggung
Ugungan sadina dina
Aja mangkono wong urip

Ayo padha ing sekolah
Sinau supaya dadi wong sugih
Sugih pekarane ilmu
Ora sugih sing liya
ilmu iku penting kanggo anak putu
Supaya ngerti berjuang
Kanggo pangurip sing asli

Ayo kanca padha sholat
Supaya pikanthuk rahmating gusti
Lan sregepa golek ilmu
Utamaning ilmu agama
Manut nasihat bapak ibu lan guru
Supaya slamet ing dunia
Lan saking karmaning gusti

Alaning liyan den andhar
Ing becike liyan dipunsimpeni
Becike dhewe ginunggung
Kinarya pasamuan
Nora ngrasa alane dhewe ngendhukur
Wong mangkono wateknya
Nora kena denpedhaki

Masa mengko mapan arang
Kang ketemu ing basa kang basuki
Ingkang lumrah wong puniku
Dhengki srei lan dora
Iren meren dahwen pinasten kumingsun
Opene nora prasaja
Jail mutakil bakiwit

Kalamun ana manugsa
Anyinggahi dugi lawan prayogi
Iku watake tan patut
Awor lawan wong kathah
Wong degsura ndaludur tan wruh ing edur
Aja sira pedhak-pedhak
Nora wurung neniwasi

Nggugu karsane priyangga
Nora nganggo peparah lamun angling
Lumuh ingaran balilu
Uger guru aleman
Nanging janma ingkang wus waspadeng semu
Sinamun samudana
Sesadoning adu manis

Si pengung nora nglegewa
Sangsayarda denira cacariwis
Ngandhar-andhar angendukur
Kandhane nora kaprah
Saya elok alangka longkangipun
Si wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang sipingging

Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ilmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa
Agama ageming aji

Jinejer ing Wedhatama
Mrih tan kemba kembenganing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi sepa lir sepah asamun
Samasane pakumpulan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi

Bakti marang ibu bapak
Aja maneni yen di nasehati
Budi pekerti kang luhur
Kudu kita tindakna
Iku printah gusti ingkang maha agung
Kanggo sedaya manungsa
Sing urip ing dunyo iki

Tanduran kudu di jaga
Isok lan sore padha di sirami
Lan aja lali di pupuk
Kudu sregep ngerawat
Menehi banyu lan pupuk kudu cukup
Dadi tanduran kang endah
Katon seger ora mati

Ayo kanca di gatekna
Becik ala kudu di titeni
Menyang isuk golek ilmu
Sekolah sing tenanan
Supaya dadi wong sukses lan berilmu
Susah seneng di rasakna
Kanggo bekal urip iki

Eling-eling para kanca
Linambaran ati kang kanthi suci
Sasi pasa pari kudu
Rinasa kanthi lega
Dhahar ngunjuk linampahan wanci dalu
Fitri ing wulan riyaya
Ana bebrayan puniki

Lumuh tukua pawarta
Tan saranta nuruti hardengati
Satata tansah tinemu
Kataman martotama
Kadarmaning narendra sudibya sadu
Wus mangkana kalih samya
Sareng manguswa pada ji

Wong Jawi kang trep budaya
Njaga adat lan aturan kang aji
Gamelan, batik lan lagu
Bisa dadi warisan
Supaya bisa dijaga anak putu
Supayane ora ilang
Menika budaya Jawi

Sinau Tembang macapat
tembang sing paling gampil yaiku mijil
Gatra ora luweh pitu
Luweh sako sekawan
Sing paling bener gatrane enem iku
Gatra ora keno salah
Sebab gatra iku penting

Nuntut ilmu neng sekolah
Bisa angerteni budi pekerti
Papan bisa nggo sinau
Wayah esok Lan awan
Ngrungoake perintahe marang guru
Lan bisa ngerti agama
Agama kang migunani

Sinau aksara jawa
Hanaca diwulu dadi hinici
Ra disuku dadine ru
Ngawe ng ngowo cecak
Mateni huruf iku kudu dipangku
Ngawe r kudu di layar
Terakhire iku lungsi

Mlaku-mlaku ing jakarta
Mandek ing wilayah pantai gading
Amarga kebelet tuku
Oleh-oleh jakarta
Kaya dene kaos, jaket lan sepatu
Supaya dadi kenangan
Lan ngerti yen wis ing mriki

Nyingkiri apa sing ala
Supaya dadi anak luweh becik
Ora kok seneng ganggu
gangguni kanca kanca
Dadio bocah sing manut lan sing lugu
Ora kok dadi nakal
Amrih besok diajeni

Sing pengung nora nglegewa
Sangsayarda denira cacariwis
Ngandhar-ngandhar angendukur
Kandhane ora kaprah
Saya elok alangka longkangipun
Si wasis waskitha ngalah
Ngalingi marang sipingging

Mapan watake manungsa
Pan ketemu ing laku lawan linggih
Solah muna-muninipun
Pan dadi panengeran ingkang
Kang pinter kang bodho miwah kang luhur
Kang sugih lan kang melaarat
Tanapi manusia singgih

Sekar pangkur kang Winarna
Lelabuhan kang kangge wong urip
Ala lan becik punika
Prayoga krawuhana
Adat waton punika dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

Wong ngaurip kudu njaga
Tegese kudu ngrawat lan ngurusi
Sukur yen sregep nyapu
Yen akeh sampah nglerah
Tandane kowe wis ora tau krungu
Maran pitutur kang mulya
Pitutur kanggo nglestari

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...