Peksi Jalanidi
dening: Jefriyanto
Angin lelayaran ing kutha-kutha
amikuli carita-carita ing antaraning
ganda-ganda
Dedalanan ing ngarep ngawe-awe
mituduhake isih ana gawe
ing papan lan wektu
kang tembe
Jroning panduluku
dakrakit maneh donya-donya
kang sasap ing lakuning
lodhang lan wektu
Ana gegambaran sliramu
kang gemuyu amiji
pasugatan kanggo
sawijining tamu
Rehne sang tamu iku aku
Kasuwuna paras kang ayu
kang wus dumadi tandha tuhu
tumrap laku-laku
Baturraden, 2017
Tidak ada komentar:
Posting Komentar