Pengrajin Bathik Banyuwangi

Pengrajin Bathik Banyuwangi

dening: Jihan Satu Julia - SMPN 4 Genteng


Ing desa Bangoreja ana kelurga cilik yaiku kelurga Bu Marni nduwe anak Mila jenenge. Mila yaiku bocah kembang desa sing patheng nyambut gawe, akeh sing seneng ambi Mila amarga seneng tetulung lan ramah. Liyane iku Mila uga terkenal amarga sering dadi juara ing lomba tari, khususe tarian Banyuwangi. Deweke pernah dikirim dadi duta tari Gandrung ing istana negara. Mila nduweni ibu jenenge Bu Marni. Bu Marni randha. Ora duwe panggawean, senengane dolan, njaluk hasil tandang gawene anake lan foya-foya ngentekne harta warisan tinggalane bojone. Bu Marni mung mikirne awake dewe ora mikirne anak lan kulawargane.

Mila nyambut gawe ning PT Taman Asri, penggaweane nggawe batik ing pengrajin batik Mekar Sari. Batik Mekar Sari iku terkenal ing kutha Banyuwangi, biyasane dituku kanggo kantor-kantor digawe seragam uga diekspor ing luar negeri. Mila termasuk pagawe sing wis dipercaya karo bose, amarga rajin lan apik tandang gawene. Sawijining dina, Mila difitnah karo kanca sapenggeweane yen Mila ngrusak kain sing arepe diekspor, lan ngerusak alat-alat kanggo nggawe bathik. Perkara iku ndadekake Mila diPHK, lan dadi pengangguran. Bu Mirna ngamuk-ngamuk neng Mila, malah minggat ning kutha ninggalake Mila dewean.

Mila wis ora nduwe harapan, harta sing disinggahne digawa ambi ibune, Mila ngelamar panggawean mrana-mrene nanging ora ana sing nrima. Mila meh putus asa, akhire Mila nekat gawe usaha batik ngganggo duit nyilih tanggane lan adol kalung tinggalane bapake. Mila mulai ngrintis usaha batik kaya batik Gajah Oling, Kangkung Setikes, Paras Gempal lan liyan liyane. Mila adol asil batik gaweane neng pasar online, sawijining dina Mila ketemu turis, kang seneng marang bathik hasil kerajinane Mila. Akhire Mila diajak kerja bareng, ndadekake industri batik sing saiki wis bisa diekspor ning luar negeri. Berkat keuletane Mila dadi pengusaha sukses lan nduweni akeh karyawan.

Banyuwangi, 18 Mei 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...