Tembang Pocung
Pocung (ꦥꦺꦴꦕꦸꦁ) yaiku tembang kang nggambarake mangsa nalika wis di pocong utawa nggambarake manungsa iku lamun wis titi wancine tinimbalan dening Gusti ora bisa apa-apa, bisane mung manut.
Paugerane tembang Pocung yaiku:
Guru gatra 4, guru wilangan 12,6,8,12, guru lagu u,a,i,a.
Tuladhane tembang Pocung:
Mring nggenipun wewedi pasangan pulut
kang mindha manusa
parek den iling-ilingi
estu lamun wewedi dudu manusa
Pan kapanduk gandaning sekar rum-arum,kadi manggih retna,sawukir kancana rukmi,manggut-manggut si kancil sigra maperak.
Cipteng kalbu lir sengseming wanodyayu,
yuwaneng bawana,
mangkana kancil andhelik,
nir ing kingkin wekasan suka ing driya.
Dayanipun kusuma mrih marum-arum,maresep ri kang tyas,sekar sumarsana wilis,tulus arum rarase menuhi grana.
Sekar andul kalak kenanga keneng kung,
kedah ingagema,
maring kang amurweng tulis,
semuning kang puspa karaseng wardaya.
Kancil gugup andhelik maras kalangkung,dangu ingantosan,mayug-mayug tan lumaris,duh kiteng tyas sumyar gandaning kusuma.
Iku dudu sutingali nora maju,
Eca malangkadhak
Mulya ana angin midid
Mayug-mayug wewedi jir jumangkaha.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar