Rasa Tresna
dening: Irul Es Budianto
Aku banget kepranan karo eseme Sembadra saben wektu ngungal jerone
rasa tresna marang Sang Dananjaya
tanpa nate nyawang lan nyisihake
wanita-wanita liyane wujud maru
ing satengah-tengahe impi melathi
arum nyebar tekan ngendi-endi
awit jroning dhadhane mung ana siji
wewadi sing kudu diwudari: tresna
iku banget suci tanpa nyawang apa lan sapa
Ngemplak – Boyolali, 1997
Tidak ada komentar:
Posting Komentar