Rekasaning Urip Dhek Jaman Jepang

Rekasaning Urip Dhek Jaman Jepang

dening: Pamudji Mw.


Dhek jaman Jepang ana kidungan kang nganti seprene isih akeh diapali dening masyarakat, yaiku: "Pengupon omahe dara, melu Nippon tambah sara."

Kang sepisan ngumandhangake kidungan mau tokoh ludruk kang populer dhek semana: Cak Durasim. Akibat gandhangane mau ora mung njalari uripe Cak Durasim dadi saya sara, nanging malah nggondhol nyawane, awit disiksa dening polisi militer Jepang kang aran Kenpetei. Mungguh kepriye gegambarane: Urip rekasa ing jaman Jepang?

Foto Tentara Dai Nippon

Iki, kadang Pamudji Mw ngaturake cuwilan pengalamane urip rekasa dhek semana. Mung, kang dienggo wewaton iya mung kang isih dielingi, ora urut sarta sistematis, trima luwung kenaa kanggo nambah sesurupan sarta wawasan lan nandhingake kahanan dhek semana karo jaman saiki.

Sawetara wektu sawise Jepang ngwasani Indonesia wiwit 8 Maret 1942 dhuwit Hindia Walanda isih digunakake minangka piranti pembayaran kang sah. Nanging wiwit ngancik awaling taun 1943 samubarang kebutuhan baku, wiwit musna saka samadyaning bebrayan. Ing sasi Januari 1943 rega gula pasir 1 kg dadi f 11,20 (11 Rupiyah 2 kethip) mangka nalika Maret 1942 rega gula pasir 1 kg mung f 0,11 (11 Sen) ateges sajroning mangsa kurang saka 10 sasi rega gula pasir mundhak tikel sepuluh luwih. Saka sethithik dhuwit Nederlands Indie musna saka peredaran, luwih-luwih sing bahane saka logam (perak, nikel, lan tembaga). Nganti pertengahan 1944 dhuwit Hindia Walanda sing ana mung dhuwit kertas wujud lembaran Rp, Ringgit, liman lan puluhan Rupiah. Nanging tengahan Rp kang panulise f 0,50, Kethip utawa 10 Sen panulise f 0,10 wis ganti dhuwit kertas gawean Jepang kang isih mawa Kop: De Japanese Regeering.

Ngancik taun 1945 dhuwit kertas kang maune mawa Kop Basa Walanda saka sethithik wiwit musna saka peredharan. Minangka gantine nuli wiwit muncule lembaran kertas puluhan, liman, rupiahan lan tengahan rupiah. Keistimewaane wujuding dhuwit iki, Kop lan tembung kang nelakake ajine wis ora nganggo Basa Walanda, upamane: DE JAPANESE REGEERING nanging: DAI NIPPON TEIKOKU nuli ukara kang nelakake nilaine, upama: Sepuloeh Roepiah, Lima Roepiah, Lima Poeloeh Sen, lsp.

Sing ora kurang rekasane nalika wiwit taun 1943 tekan 1945, yaiku ora anane ban spedha. Ing jaman mau rega spedha (kabeh spedha bekas ora perlu ndulu merke nanging kang nganggo mesthekake mung kaanane ban ngarep mburi njaba njero. Taun 1940 (sasi lan tanggale panulis ora kelingan) panulis ditukokake spedha anyar merk HIMA dening wong tuwane rega Rp. 27, 50. Bareng nyandhak taun 1943 ban spedha ngarep buri wis padha alus, uga ban njerone wis padha akeh tambalane. Ewasemono, sarehne panulis dheweke ora kuwagang ngganti, kepeksa sa ban tambalane mubeng mau panggah digunakake, senajan meh seminggu sepisan nambalake, yen ora sing ngarep iya sing mburi. Ngarepake wekasane taun 1944 panulis mrelokake ngetung tambalane nalika kapinujon ditambalake, ketemu 27 tambalan tur ana sawatara sing tambalane tumpang tindhih. Mula sawise nambalake kang pungkasan, panulis prasasat nibakake ipat-ipat, yen sawise iki ngalami bocor maneh sing ngarep utawa utawa sing mburi, spedha aluwung digantung wae supaya ora karaten.

Patunge Cak Durasim ing makam Tembok Surabaya - sumber: www.kompasiana.com

Ing awaling taun 1945 meh saben toko piranti spedha padha ndhasarake ban tanpa mompa lan uga tanpa ban njero. Warnane kuning nom. Bareng ana sawatara bakul prancangan ideran sing tuku, ya Allah... Nalika dipasang ing pelk rekasane ngudubilah setan jalaran pamasange kudu nggunakake piranti linggis minangka cukit. Ya bener tanpa mompa, nanging bareng ditunggangi prasasat kaya nunggangi cikar. Segi negatipe ban mau, sepisan, pancadane abot, kaping pindho, gampang ambles yen nrajang palemahan kang kondhisine kurang atos, kaping telu sing banget nggregetake jalaran durung nganti telung sasi sawise digunakake lingkarane ban mau bisa lepas saka pelk.

Dene tumrap pegawe pemerintah sing jejibahane ora ngenggon (tugas lapangan) upamane Mantri Bank Desa, mantri Ulu-ulu (Pengairan) nampa fasilitas piranti kendharaan awujud ban spedha anyar ngarep mburi kanthi rega murah (saelinge penulis rega Rp. 3,5). Nampa ban spedha mau nebuse kudu menyang kantor pembagian barang (distribusi) ing kutha kabupaten (Ken) kang nalika samana aran Haikusio. Ban mau saupama didol marang masyarakat paling murah payu Rp. 125 nganti Rp. 150 (kaanan awaling taun 1945). Bayare panulis minangka guru SR mung Rp. 37,50 saben sasi. Saktemene ban spedha mau merk Goodyear made in Java gawean Bogor, nanging banjur diganti huruf katakana yen tulisan Latin muni: JAWA TAIYOI.

Bidhang Ekonomi
Wiwit taun 1943 Pemerintah ngetokake pranatan, saben petani sawise panen kudu nyetorake pari marang pemerintah kanthi wewaton, panen pari sawah sa Ha kudu setor pari 1,6 ton. Iya bener dituku, nanging klawan ora mbejaji kurang luwih mung 10 prosene rega umum.

Ya wiwit iku tuwuh anane istilah apa kang diarani: tukang cathut jalaran para petugas penyetoran pari marang pamrintah mau kabeh para prangkat mula desa bisa diajak kompromi dening para pemilik sawah. Upamane panen saka sawah 1 ha dilapurake mung 0,5 Ha, ateges petani mung setor 0,8 ton utawa 8 kwintal. Minangka jasane, petugas mau nampa imbalan jasa saka pemilik sawah wujud dhuwit utawa pari. Nalika samana ana istilah rega resmi (rega pemrintah) lan rega: Kusukaiho (rega gelap), nanging wis ora gelap. Conto: yen gabah 1 blek rega resmi Rp. 0,60 (nem kethip utawa 60 sen). Nanging yen rega Kusukaiho : Rp. 6,-. Kajaba iku nalika samana ana pocapan klawan terang-terangan: "Saiki yen ora nyathut bakal kecathut." Sing ngumbar swara mau akeh-akehe petugas penyetoran pari mau.

Romusha/Prajurit Pekerja 
Kaanan iki sing luwih nrenyuhake, pranatan wong langang 47 taun munggah tanpa winates paling tuwa, asal katone isih rosa sanajan umur 55 taun iya diwajibake dadi romusha utawa prajurit pekerja. Sing dielingi panulis nalika taun 1944 - 1945 ing desane panulis sakidul-kulone kutha Lumajang sing ketaman wajib romusha ana 37 warga, nanging sing slamet bisa mulih 15 warga. Olehe bisa mulih kanthi slamet mau wus tanggal likuran sasi Agustus 1945. Kaanane banget memelas. Saka 15 warga kang ketemu kulawargane kanthi slamet mau kabeh padha nggawa kathok karung goni. Dene panganggo perangan dhuwur sanajan wujud kain nanging tambalane wis tumpang tindhih. Manut katrangane warga 15 tilas romusha mau, dheweke sakanca tunggal desa nalika samana padha dimargawekake ing daerah Malang Selatan mbangun perlindungan militer ing pereng cedhak pesisir kang perlune kanggo mapag serangane Sekutu saka Australia.

Ing sawijining kalodhangan wekasane taun 1944, ing Stasiun KA Lumajang panulis nyumurupi tekane KA saka jurusan Klakah. Bareng wis mandheg ing ngrep peron, rangkean gerbong KA mau ana gerbong penumpang papat, dene liyane gerbong barang. Gerbong penumpang cacah papat mau sing buri dhewe penumpange murni tunggal tujuwan, yaiku romusha kang cacahe kurang luwih 80. Saka cacah 80 jiwa mau sing nganggo clana cekak saka tekstil kena dietung nganggo driji. Liyane padha nganggo kathok goni. Saben romusha, salah siji barang sing dicangking: klasa lempitan. Jalaran yen ora nggawa klasa dhewe-dhewe kapeksa turune ing wedhi pesisir. Anane rombongan romusha mau padha mudhun ing stasiun KA Lumajang perlu ganti KA sing menyang jurusan Pasirian, jalaran sedyane bakal dikerjakake ing proyek Militer wujud perlindungan ing pereng gunung Gajahmungkur sacedhake pesisir Samodra Hindia kang aran Bambang, Kecamatan Pasirian, Kabupaten Lumajang. Rombongan romusha sagerbong mau sing diweruhi penulis nalika semana mung ditutake lan diawasi dening serdadu Jepang loro, lan Heiho (serdadu Jepang bangsa Indonesia) papat.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...