Rita

Rita

dening: Dinda Septia Lestari - SMPN 2 Tegaldlimo


Ing taun 2016 kepungkur, Rita wis ngancik umur 7 taun lan wis sekolah kelas 1 SD. Ing sekolahan kono dheweke seneng banget, amarga entuk akeh kanca anyar. Kahanan iki nyenengake Rita. Amarga biyen nalika dheweke isih sekolah TK mesthi disingkiri kanca-kancane lan ora akeh sing pengin kekancan karo dheweke. Kancane Rita  bisa diitung nganggo driji. Mulane Rita seneng banget yen entuk kanca anyar.

Nanging kahanan kuwi kabeh mau ora suwe. Nalika Rita kelas 3 SD dheweke mulai disingkiri maneh dening kanca-kancane. Amarga Rita bocah saka keluarga sing ora duwe apa-apa. Saben dina Rita diboncengake ibune menyang sekolah numpak sepedha motor sing elek. Suara sepedha motore mbrisiki banget. Mula Rita tansah dipoyoki dening kanca-kancane. Amarga kanca-kancane wis nganggo sepedha montor matic lan mung Rita sing isih ora nduwe motor matic. Akhire Rita ngliwati pirang-pirang wulan kanthi sabar. Akhire wong tuwane  Rita bisa tuku sepedha motor matic sing padha karo kanca-kancane Rita  saengga Rita dikancani maneh deneng kanca-kancane.

Wektu mundhak kelas wis teka, kaya padatane nalika pembagian rapot Rita entuk peringkat 12 saka 23 siswa. Sapa bae mesti bisa ngomong yen Rita kuwi bocah sing kurang sinaune. Nanging Rita ora peduli. Sing paling penting kanggo Rita yaiku dheweke mlebu kelas lan duwe kanca. Sakwise Rita munggah kelas 4 lan wis nyedhaki semester 2, kabeh siswa nampa wara-wara saka kepala sekolah.Bapak kepala sekolah ngedhikan yen kabeh siswa bakal sinau online, merga ana virus covid-19 sing nyebar negara Indonesia. Virus covid-19 iki jebule ora mung ana ing Indonesia nanging uga nyebar nganthi negara sakdonya.

Ora krasa Rita wis rong taun sekolah online, sekolahe nang omah lan sinaune liwat hape wiwit kelas 4 semester 2 nganti kelas 6 semester 1. Nalika semana Rita seneng banget nampa informasi saka gurune yen sesuk kabeh murid bisa nindakake pasinanon kaya sakdurunge. Amarga Rita wis kepengin ketemu kancane, mulane Rita ora sabar arep budal sekolah. Isuk-isuk Rita mlebu sekolah nanging sing dikarepake beda karo kenyataane. Tinimbang bungah malah susah. Rita dibully lan dipoyoki dening kanca-kancane. Amarga wiwit online Rita mung meneng wae ana ing omah. Kahanan kaya mangkono ndadekake Rita tambah lemu, rupane kusam, binthik-binthik, lan jerawaten.

Rita ngerasa kesel banget dibully kanca-kancane meh nyerah,  meh ora gelem mlebu sekolah. Ing sawijining dina Rita tangi nanging  ora gelem mangkat sekolah. Kedadeyan kaya mangkono ndadekake Kepala Sekolah teka ing omahe Rita lan ngajaki Rita bene sekolah maneh kaya padatane. Rita matur marang bapak Kepala Sekolah yen dheweke tansah dibully karo kanca-kancane. Banjur Kepala Sekolah ngendika,”Sampeyan aja kaya ngono Rita, sampeyan bocah sing kuwat. Mesake wong tuwamu sing wis kerja keras kanggo mbayar sekolahmu. Yen, sampeyan terus kaya mangkene iki wong tuwamu bakal kuciwa Amarga wis kerja keras nanging ora ana hasile. Apa sampeyan ora gelem dadi bocah sing bisa dadi kebanggane wong tuwamu. Saiki kaya mangkene bae Rita, sampeyan kudu sekolah terus. Yen ana sing ngece marang awakmu, sampeyan meneng wae, bayangke wae yen sing ngece mau mung radiyo rusak. Sampeyan kudu sregrep sinau lan bisa dadi kebanggane wong tuwamu”.

Sesuke, Rita gelem mangkat sekolah maneh malah dheweke dadi sregep sinau Akhire wayahe ujian sekolah lan ora kaya biasane Rita asil ujian sekolahe entuk rangking 5 saka 23 siswa. Kedadeyan kaya mangkene pas karo unen-unen “Dimana ada kemauan disitu ada jalan” lan “Rajin pangkal pandai”. Ing ngendi ana karsa, ing kono ana dalan lan Sregrep kuwi dhasare dadi pinter.” Ayo kanca-kanca padha sregrep sinau ya...

Banyuwangi, 16 Mei 2023

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...