Susu Dibales Madu
dening: Adif Bachni
Tini dadi judheg, muangkel, merga ora isa nggarap PR. Bola-bali sirahe dikeplaki dhewe. Miturut panemune Pak Rokhani nek maringi PR matematika huangel banget. Wis wiwit mau dheweke nggethu neng ngarep buku, nguthag-utheg soal, nanging pikirane tetep durung nyandhak.
"Pak Rokhani ki piye ta. Mosok pelajaran SD kok huangel banget. Gek-gek sing diajarake iki dudu pelajaran SD nanging pelajaran SMU," gremenge Tini karo lambene sing cilik kuwi mbethuthut. Tini njur nyelehke pulpen karo ngelap kringete sing dleweran. Pancen nek lagi tegang ngene Tini gobyos. Apameneh mau Pak Rokhani ngendika nek sesuk bocah-bocah ditus maju siji-siji nggarap PR. Adhuh! Nek aku ora isa meneh gek piye?
Mau Tini wis takon ibuke, nanging ibuke ora isa. Hla piye, wong ibuke mbiyen SD wae ora tutug. "Wah, sekolahe ibuk biyen ora ana pelajaran sing kaya ngene," ngono alesane. Arep takon bapake, ya isih jaga kios. Arep takon kancane, omahe adoh-adoh. Apameneh saiki wis rada bengi. Apa takon Tono wae? Adhiku kuwi. Ah, mongsok mbakyune takon adhine bab pelajaran. Ya ngisin-ngisini ta. Nanging gek piye? Tini dadi bingung karepe dhewe nganti akhire dheweke kelingan marang Dina, kancane.
"Oo, ya. Takon Dina rak isa!" pikire Tini. Bukune neng ndhuwur meja disaut njur dheweke menyat neng omahe Dina. Dina kuwi kanca sakelase Tini. Masiya omahe cedhak, nanging merga Dina kuwi bocah anyaran, pindhahan saka Ngawi mula Tini durung pati kenal. Tini ngerti nek Dina kuwi bocah pinter. Wong nek diutus nggarap soal neng ngarep Dina mesthi isa, senajan soal kuwi miturut kanca-kancane angel banget.
Tini sajak mangu-mangu arep meteg bel, wedi nek mengko jebule bapake Dina galak. Merga Tini ngerti bapake Dina kuwi brengose dawa njlanthit. Nanging merga wis kepepet akhire diwanek-wanekake. Sawise bel muni "Thing-thung!" ora suwe mencungul bapake Dina.
"Madosi sinten, Ndhuk?" takone bapake Dina.
"Din... Dina wonten?" Tini glogap-glagep.
"Oo... ana. Lungguha dhisik," ngendikane bapake Dina njur mlebu. Jebule bapake Dina ora galak.
"Ee... kowe ta, Tin. Tak kira sapa," omonge Dina nalika njedhul. "Ana apa kok dengaren?" Dina nyelehke bokonge ana kursi.
"Anu, pe-er sing mau apa wis mbok garap?"
"Lagi wae rampung."
"Aku mbok diajari ngono lo. Mosok sanomer ae aku ora ana sing isa."
"Gampang. Ayo neng kamarku." Anggep ae omahmu dhewe."
"WAH, hebat bu guru," aleme Tini sawise diajari nggarap PR matematika dening Dina. "Mudheng aku saiki. Jebule gampang ya."
"Nek pancen gelem migatekake lan sabar mesthi ya isa."
"Wah, nek sinau karo kowe terus isa melu pinter aku."
"Ngaco!" Dina neblek pundhake Tini. "Nek ngalem aja dhuwur-dhuwur. Mengko nek ceblok marahi lara."
"Enak ya dadi bocah pinter kaya kowe. Cita-cita dhuwure kaya apa ae mesthi bakale kelakon."
"Durung karuan. Iku ngono uga tergantung nasib. Satemene aku dhewe ya rumangsa isih kurang. Ana pepenginku sing durung keturutan." Alise Tini njengkerut. "Aku pengin isa ngaji. Mosok wis kelas enem aku durung isa maca Qur'an. Bapak lan ibuku uga ora isa," kojahe Dina.
"Umpama tak ajari?" tawane Tini. Pancen nek bab maca Qur'an Tini jagone. Dheweke tau juara MTQ tingkat SD sakabupaten.
"Kowe isa maca Qur'an?" takone Dina. Tini manthuk. "Wah, aku ya seneng banget, Tin. Iki jenenge susu dibales madu. Padha-padha untunge. Kowe tak ajari pelajaran sekolah, njur aku mbok ajari ngaji. Terus kapan isa dimulai Bu Ustad?"
"Ngenyek. Sesuk ae ya. Nek saiki kewengen."
"Rak pa-pa."
"Saiki aku tak bali dhisik. Maturnuwun ya."
Sawise kedadean kuwi Tini dadi saya akrab karo Dina. Saben bengi sawise Maghrib Dina diajari ngaji dening Tini, njur sawise kuwi bocah loro sinau bareng. Lan asile saiki Dina dadi pinter maca Qur'an dene Tini sekolahe dadi pinter.*
..:: 000 ::..
Jayabaya 25. Edhisi Akad Pon, 22 Februari 1998.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar