Tanpa Bandhing
dening: Julia Hanaya
ambegan sing datan kendhat
tekad sing datan owah
sabar sing datan tanpa wates
dalan tanpa wates kang tansah koliwati
esem endahmu kang
tansah sumunar
Manis madu tembung
kang tansah koucapake
perjuwangan tanpa pungkas
kang tansah koliwati
Semangat kang menjila
tansah kotanem
welas kang tanpa wates
tresna sajembare segara
Asih kang tanpa tandhing
tansah dadi pepadhang ing saben langkahku
Banyuwangi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar