Wong Nandur Bakale Ngundhuh
dening: Nazhwa Prilian Putri - SMPN 3 Genteng
Sekolah minangka salah sawijine panggonan kanggo nggulawenthah, nimba elmu, panggon pasrawungan. Ing sekolah kita bisa njembarake kekancan lan kawruh. Nanging ora kabeh manungsa nduweni watak sing padha. Ing sekolah kita bisa nemoni maneka jinis sipate manungsa.
Wanci esuk kang adhem, beninge tetes embun isih gumandhul ing gegodhongan, sawijine murid ing SMPN 3 Genteng nduweni watak meneng lan ora akeh ngomong, jenenge Aqela. Dheweke nggawa presensi kelas kanggo disetorake ing guru BK. Nalika lumaku ing koridor, Aqela dikagetake dening tekane kakak kelase sing cacahe ana loro, Aqela dipeksa nyerahake kabeh dhuwite. Aqela bingung merga iki turahan dhuwit seminggu. Yen dhuwit iku mau diwenehake kakak kelase kabeh, dhuwite Aqela kanggo sesuk bakal entek. Nanging muspra, kakak kelase Aqela ora ngurus yen dhuwite Aqela entek. Ora dinyana, kakak kelas mau nabok pipine Aqela kanthi banter. Aqela nganti tiba lan njerit kelaran. Tanpa mikir dheweke nyerahake kabeh dhuwit sangu marang kakak kelase. Ora let suwe dheweke menyang UKS. Ing UKS dheweke ditakoni karo pembina UKS, “kena apa pipimu, ndhuk?”
“Kula ditabok kalih kakak kelas, Pak”, wangsulane Aqela karo miseg.
“Hla kok isa ta, ndhuk? Kowe salah apa kok nganti ditabok?” Pitakone pembina UKS kaget.
“Kula dipunpalak, sedaya arta kula telas. Dipunpalak kalihan kakak kelas wau.” Wangsule Aqela karo saya banter olehe nangis.
Samarine Aqela ditambani bocah-bocah PMR, dheweke nglapurake kedadean mau marang Kepala Sekolah. Aqela lan bocah sing malak Aqela ditimbali menyang ruwang BK. Aqela banjur nyritakake kedadean mau. Samarine Aqela crita lan kakak kelase padha ngaku, jebul korbane ora mung Aqela, naning ana bocah-bocah liya sing nate dadi korban, ning ora ana sing lapor guru. Pungkasane, kakak kelas loro mau diskors seminggu suwene minangka paukuman. Saka kedadean iki dikarepake muga-muga ora ana kedadean kaya ngene maneh. Sengga sekolah bisa dadi panggon sing aman lan nyaman kanggo bocah-bocah sing kepengin nimba elmu.
Banyuwangi, 18 Mei 2023
Tidak ada komentar:
Posting Komentar