Jumat, 02 Mei 2025

Juli – Agustus 1945 Bangsa Indonesia Ngadhepake Kamardikane

TUMRAP kadang sing saiki yuswa 50 – 60 taunan, bokmenawa bae ngenani bab Perang Pacific iku ming cepet-cepet utawa ora kemutan barisan. Perang Pacific mono perangane Perang Donya II sing kawiwitan awal September 1939, sarana serbuane pasukan Jerman Nazi menyang Polandia. Perang mau ing ndalem wektu sedhela bae kelakon mremen ngobong buwana Eropa. Pasukane Hitler kelakon ngelun pirang-pirang negara ing Eropa, ing ndalem wektu sing ora patia suwe.


Jepang nyerang Hawaii.

Dene Perang Pacific, dumadine wiwit 8 Desember 1941, rikala kapal mabur Jepang wiwit nggempur Hawaii (ing kana isih tanggal 7 Desember), pangkalan armada Amerika ing Pacific. Mangka dhek samana delegasi Jepang isih rembugan karo Pemerintah Amerika ing Washington. Ning Jepang sajake mula nyengaja tumindak kurang jujur. Nggepuk sarta nedya gawe hancure kakuwatane armada Amerika ing tlatah Pacific luwih dhisik. Manawa wis mengkono, lha pasukan Jepang kanthi leha-leha bisa ngejegi saindenge bawana Asia. Jaragan idham-idhamane Jepang wiwit ing sakawit, kagarba ing ndalem “hakko ichi-u”. Bumi saisine kabeh, sakukuban! Jagad raya mawa atap siji. Lan wis mesthi bae sing dadi “atap”-e, yaiku Dai Nippon Teikoku. Kemaharajaan Nippon. Jepang Raya.

Ing kalangane pemerentah Jepang kaloka anane Rancangan Baron Tanaka, sawenehing narapraja Kekaisaran, sing nerangake kepriye lan kaya ngapa krenahe Jepang anggone nedya ngelun jagad. 

Sadurunge kelakon bisa nguwasani donya, Jepang luwih dhisik kudu bisa nguwasani buwana Asia. Sadurunge kelakon ngedjegi saindenge Asia, Jepang luwih dhisik kudu bisa ngereh Cina dharatan. Sadurunge kelakon ngereh Cina dharatan, Jepang kudu bisa njajah Manchuria. Sadurunge Manchuria dijajah, Jepang luwih dhisik kudu bisa nguwasani Korea. Lan nyatane teori mau ditindakake dening kaum militer Jepang temenan.

Bareng Jepang wis kelakon kuwasa ing Korea lan Manchuria, banjur wiwit nggoreg-horeg dharatan Cina. Taun 1937, perangane diwiwiti sarana ngrekayasa anane insiden “Kreteg Marco Polo”, sing ngandhakake manawa ana serdhadhu Jepang sing dibedhil dening pasukan Cina (Kuo Min Tang) ing kreteg mau.

Tembene Jepang malahan metu saka Liga Bangsa-Bangsa (= Volkenbond) sarta samekta nganakake serangan sabanjure, kang kelakon rikala 8 Desember 1941 kaya sing wis diaturake ing ndhuwur.

Kelakon Pearl Harbour dadi berantakan ora karuan; Amerika kelangan kapal perang cacah 18 iji, pesawat terbang 188 ancur, 159 rusak dalah wadyabalane sing tangguh tanggon, sing tiwas ora kurang saka 2000; dene sing ketaton kira-kira ana sewunan. Mangka Jepang dhewe ing ndalem serangan mau mung kelangan pesawat terbang 25, karo sing gugur wong 55.

Sarana mangkono Jepang saikine ana ing ndalem kaanan perawang lumawan Inggris karo Amerika; dene pemerintah Hindia Walanda banjur melu-melu ngumumake perang marang Jepang. Sarana mangkono, ing buwana Asia banjur ana apa kang disebut Front ABCD. Amerika, British, Cina, lan Dutch (Walanda). Sauntara iku Jepang iya kelakon bisa mlebu ing Thailand sarta ing Indo Cina jajahan Prancis kanthi adhem ayem; tegese kelakon bisa meksa pamarentah Thai amrih aweh idin pasukan Jepang manggrok ing kono sarta migunakake Thailand minangka basis. Sarana mangkono dhaerah sing wis kelakon diregem Jepang ing kawitane perang, dumadi saka brang Lor ing pulo Sachalin Kidul, kepulauan Kuril, terus Formosa (Hainan, Taiwan saiki), Pilipina, Hindia Walanda. Hongkong wis direbut rikala Dina Natal 1941; terus Singapore Februari 1942. Menado, Pontianak, Balikpapan, Kendari, Palembang, lha terus tanah Jawa (Maret 1942).

Jendral Douglas McArthur sing rikala samana dadi manggalaning Angkatan Perang AS ing Pilipina tembene uga kepeksa lengser kalungguhan, ninggalake papan kono sarta pertempuran ngrebut benteng Corrigidor ing Pilipina mujudake pertempuran sing ngedab-edabi banget. Mangka benteng mau ing sakawit dikondhangake manawa ora bakal bisa direbut mungsuh. Serdadu AS cacah 15000 kebetheng ing kono sarta dadi tawanan perang.

Uga pasukan Inggris ing Singapore kudu ngakoni ka-“digdayan”-e pasukan Jepang. Tekane serdhadhu Jepang sarana numpak sepedhah ngliwati semenanjung Melayu, dadi saka sisih Lor. Mangka meriem-meriem Inggris dipapanake ing sisih Kidul; merga Inggris ing sakawit ngira yen Jepang teka, tekane mesthi saka sisih Kidul.

Dhek semana ora kurang-kurang serdhadhu Inggris lan Australi sing ngungsi menyang Tanah Jawa. Golek papan sing aman, adhem ayem. Malah aku dhewe weruh kutha Yogya iya ketekan pasukan sing ngungsi mau. Yen bengi padha drom-droman karo nginum alkohol karo dangsa-dangsi dihibur wanita Landa lan Indo ing salah sijine rumah makan ing Malioboro kana. Bokmenawa bae serdhadhu-serdhadhu mau padha mikir: “Sing pengin mati ya ben mati; aku bae dak ngrasakake kenikmatane wong urip”.


Landa teluk, tekuk lutut.

PUNGKASANE sasi Februari 1942, dadi durung ana telung sasi sawise perang, pasukan Jepang wis ndharat ing pulo Jawa. Ing dhaerah Banten, terus ing Eretan Wetan Jawa Kulon, ing Kraton sacedhake Rembang/Tuban. Sedhela bae Jakarta wis karegem; tanggal 4 Maret kutha Ngawi direbut, sarta sarana mangkono pulo Jawa tegese dipotong rong perangan. Terus tanggal 8 Maret ing Kalijati dianakake sapatemone Gubernur Jendral karo jendral Ter Poorten, manggalaning pasukan Tentara Kerajaan karo pasukan KNIL, Hindia Walanda.

Ing ndalem sapatemon mau digawe kerampungan: Pasukan KNIL unduk takluk marang pasukan Dai Nippon tanpa syarat. Diprentahake marang sakabehe pasukan KNIL ing ngendi bae supaya seleh gegaman. Pasukan KNIL bubar. KNIL heeft op te bestaan. Wis ora ana pasukan KNIL maneh.

Sedina sadurunge kedadean mau, ing Jakarta kaum nasionalis nganakake sapatemon uga. Sing gawe ada-ada: Abikusno Tjokrosuyoso sawenehing tokoh pergerakan wiwit dhek jaman sadurunge perang. Kaum pergerakan sing dumadi saka sawetara partai politik sarta ormas mau gawe kerampungan: ngajokake usul marang Pamarentah Militer Dai Nippon ngenani personalia (tenaga-tenaga) pemerintahan Indonesia sing bakal didhapuk dening Dai Nippon. Rikala rapat mau dianakake, isih durung ngaweruhi manawa satemene pasukan Hindia Walanda wis ko-it.

Wondene, tokoh-tokoh Indonesia sing diusulake bakal nyekel peprentahan mau, antarane Mr. Sudjono, Mr. Achmad Subardjo lan Mr. Tadjudin Noor kanggo Menteri Luar Negeri. Dene Moh. Hatta, ir. Surachman, Roedjito (Direktur Perseroan Tanggung Jiwa “Bumiputera” Yogya) dicalonake dadi Menteri Perekonomian.

Ir. Soekarno (sing dhek semono ana Padang), Syahbudin Latif (tokoh Partai Sarekat Islam Indonesia), lan Mahfoed Siddiq (NU saka Surabaya) dicalonake dadi Menteri Pers lan Propaganda.

Isih ana tokoh liyane maneh sing padha dijagokake bisoa dadi Menteri Perdagangan lan Pelayaran Menteri Pembelaan Negara; Menteri Pengajaran lan Pendidikan, lan liya-liyane maneh.

Mesthi bae ora saben wong sing jenenge dicalonake dening rapat mau diajak rembugan luwih dhisik. Ha wong ya mula ora teka ing ndalem sapatemon. Sing cetha bae, usul mau babarpisan ora direwes dening Jepang. Ming dianggep angin bae.

Lan manehe tekane Jepang ana kene ora nedya ngedegake peprentahan nasional sing dumadi saka warga pribumi. Tekane Jepang mrene mula ming nedya golek papan panguripan (lebensraum) wilayah sing sugih guru bakal guru dadi. Sing rakyate mula kesuwur sarwa nrima, apa anane, ora neka-neka. Dhaerah Nan-yo (Selatan) arep didadekake lumbung utawa dhaerah sing terus ajeg bisa asung bulu bekti rupa sakehing keperluan uripe bangsa Jepang.

Malah-malah Jepang isih ing sasi Maret iku uga, ngetokake Undang-Undang sing surasane nglarang sakehing pirembugan, pergerakan sarta anjuran utawa propaganda ngenani aturan dalah susunan negara.

Ha mangka, sadurunge Jepang ndharat ing kene, meh saben ndina radio Tokyo ing ndalem propagandane terus ngajak rakyat Indonesia supaya brontak nglawan Landa. Pasukan Dai Nippon sing gagah perkosa bakal teka mbiyantu.


Nippon nipu wong.

Ora ming iku bae. Uga disebarake surat-surat sebaran saka dirgantara. Isine, ngelingake marang para raja Jawa sarta kawula Indonesia umume, rakyat Jawa khususe anane Jangka Joyoboyo. “Rak wis disebutake ing ndalem Jongko manawa bakal anane bangsa akulit kuning sing bakal angejawa, perlu mbebasake kawula Jawa saka belenggune kaum penjajah.” Sing ora disebutake ing ndalem surat sebaran mau, manawa “anane wong kulit kuning” ing tanah Jawa suwene mung saumur jagung. Dadi, genahe maneh si Jepang ki mula drohun tenanan kae.

Licin lan licik. Pinter ngapusi. Nippon mula nipu wong.Merga dene prentahe Gubernur Jendral Starkenborgh, sawetara jejunggule peprentahan Hindia dikudokake ngungsi menyang Australi. Gubernur Jendral Tjarda sing bakal ngadhepi si Jepang. Dr. Hubertus Jan van Mook Direktur Departemen Perekonomian ing sakawit mopo, malah mrayogakake amrih Tjarda kae sing lunga. Dene Van Mook arep tetep ana tanah Jawa.

Ning Tjarda tetep marang prentahe; lan katemahane Van Mook dikantheni sawetara petinggi Hindia banjur mabur menyang Australi.

Ing antarane para petinggi Hindia sing melu ngungsi mau ana priyagung Indonesia loro. Yaiku Raden Adipati Ario Suyono, warga Dewan Hindia; lan Raden Lukman Jayadiningrat, Direktur Departemen Pengajaran lan Peribadatan.

Ing tembene Raden Adipati Ario Suyono malahan sinengkakake dadi Menteri Negara ing ndalem Kabinet Walanda, pimpinan perdana menteri Gerbrandy sarta dedalem ing London. Priyagung iki mau tembene seda ndadak ing kana sarta disarekake ing salah sijine makam ing Brookwood sarana upacara Islam. (1943)

Uga Raden Lukman Jayadiningrat (sing isih keturunan kaum menak ing Banten) seda rikala taun 1944 ing Australia. Merga saka wasiate, yen seda supaya disarekake ing bumi Indonesia, jenazahe rikala semana banjur dipetak ing Merauke. Tembene, bareng suwasana wis bali normal, jisime banjur dipindhah menyang Surabaya.

Tekane Jepang ing Indonesia babarpisan ora nggawa bab sing apik ora apa. Nasibe bangsa Indonesia uwal saka cengkramane Landa tiba ing cengkremane Jepang, uwal saka tangane macan tiba ing cangkeme baya. Rakyat Indonesia ora ming dilarang gawe organisasi massa utawa partai politik bae. Nyanyi “Indonesia Raya” dilarang; lagu Wilhelmus diganti dadi lagu Kimigayo. Gendera Merah Putih Biru diganti gendera Hinomaru (bunderan srengenge). Gubernur Jendral saiki sebutane Saikoo Shikikan.

dening: Soebagijo I.N

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mengeti Hari Kartini

Dening: Eni Siti Nurhayati Ibu kita Kartini, putri sejati Putri Indonesia harum namanya Ibu kita Kartini, pendekar bangsa Pendekar kaumnya u...