Ingkang dipunwastani kapustakan Jawi, punika sedaya serat-serat carita, dongeng-dongeng ingkang ngangge basa Jawi.
Wondene basa Jawi punika kagolong basa Austronesia; inggih punika basa-basa ingkang kangge sawarnining bangsa pribumi ingkang dudunung ing kapulowan iring kidul-wetaning jagad Asia; wates ler wiwit pulo Formosa mangidul; wates kilen wiwit pulo Madagaskar bablas mangetan ngantos dumugi jagad Amerika-kidul iring ingkang kilen. Sarehne nama Austronesia punika boten patos kerep kapireng, ing ngriki kula-santuni nama Indonesia.
Nalika taun 1884 Dr. Brandes saged nerangaken bilih bangsa-bangsa kasebut ing nginggil wau ing jaman kinanipun sanget, basanipun satunggal; katrangan punika mawi landhesan panandhinging basa-basa wau.
dening: Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar