Tembang Macapat
Tembang Macapat yaiku reriptan utawa gabungan saka tembung-tembung kanthi pathokan tartamtu lan pamacane migunakake tatanan seni swara utawa nada kang dibarengi karo susunan basa lan sastra. Tembang Macapat uga bisa ditegesi minangka tembang kang dilagokake papat-papat.
Saben Tembang Macapat biyasane dipantha dadi saperangan pupuh, sawetara saben pupuh dipantha maneh dadi pada. Saben pupuh nggunakake metrum sing padha. Metrum iki biyasane gumantung marang watak isi teks kang dicritakake.
Cacahe pada saben pupuh beda-beda, gumantung marang cache teks kang digunakake. Sawetara kuwi saben pada dipantha maneh dadi larik utawa gatra. Gatra dipantha maneh dadi wanda. Saben gatra nduweni cacahe wanda kang tetep lan dipungkasi karo vokal kang padha uga.
Paugeran ngenani panganggone cacahe wanda iki diarani guru wilangan. Dene paugeran panganggone vokal pungkasan ing saben larik utawa gatra diarani guru lagu.
Tembang Macapat cacahe ana 11 yen diurutake miturut filosofine. Urut-urutane yaiku:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar